Selasa, 01 Juli 2014

TUGAS BAHASA JAWA


“Ses, Pak Guru!?” Nardi nawani rokok.
“Mat
ur nuwun! Aku nggawa, lha iki!” semaure Parjo karo ngrogoh kanthongan ngetokake rokoke.
Nardi dur
ung sida lungguhana swara rada banter. Suarane Bu Wagiyem, bakul bumbon tanggane Nardi.
“Ayo Dhik Nardi, gek ndang diterke. Wis kawanan je…! Mau tangine kerinan, mengko ibu-ibu selak ngenteni.”
Tanpa ngucap Nardi terus nyandhak karunge Bu Wagiyem.Diselehke ndhuwur tengki, terus bablas. Ninggalke peluk sing kemendheng. Parjo dhewekan maneh….ngalamun.
Parjo kelingan ucapane Nardi rikala nawani rokok. Sebutan sing diucapke kanca-kanca pengojek liyane. Pak Guru Parjo, lengkape bapak doktorandus Parjo. Parjo nek esuk pancen guru ana SMP ing desane.Lan nyandhang gelar sarjana. Sebutan Pak Guru rikala nyambi ngojek janjane rasane risi, ning suwe-suwe sindhirane kanca-kancane ora dirasakke. Miturut Parjo ngojek kuwi pagaweyan halal lan ora ngrugekake liyan.
“Pak guru ki ora nguman-umani, rejeki kanggo kancane sing ora duwe gawean yo… melu diarah,lhawong wis digaji gedhe…prei dibayar. Lha kok sempat-sempate ngojek.Apa ora isin nek ketemu murid-murid ning ndalan?” sindhirane kanca-kanca pengojek karo guyonan.
“Ora orane…, rezeki sing ngatur Gusti Allah…, rezeki ora mungkin kleru!” semaure Parjo sak kecekele.
“Wah nek ngono kuwi ketok gurune…” suarane kanca-kancane bareng karo padha ngguyu bareng.
Pisan maneh Parjo kelingan limang tahun kepungkur
, rikala isih kuliah. Sekolah sinambi nggarap sawah sak pathok, dadi buruh lan nyambut gawe serabutan sak kecekele. Kabeh dilakoni kanthi seneng. Amarga duwe gegayuhan lan pengarep-arep, mengko nek wis nyandhang gelar sarjana mesti uripe bakal ana owah-owahan, dadi wong sing kajenkeringan dadi pegawai. Alhamdulillah amarga tenanan anggone sinau akhire Parjolulus sarjana. Tahun pisanan nyoba melu dhaftar dadi pegawe negri.
Dina kang
dienten-enteni teka, dina kanggo ujian dadi PNS. Mangkat ujian kanthi gagah semangat papat lima. Yakin mesthi isa nggarap kabeh.Banjur ujian diwiwiti,kabeh soal isadijawab kanthi bener, kari nunggu pengumuman. Ditampa, terus dadi Calon Pegawai Negeri Sipil alias CPNS.Sak wise telung minggu dina pengumuman teka, terus mangkat niliki pengumuman penerimaan CPNS. Diaturake nomer-nomer sing ditampa, nanging nomere Parjo…. blong…. ora ana. Taun kaping loro ya hasile pada wae…. Taun kaping telu, papat, lima…. Sami mawon…. Mupus.
Rikala ngancik taun kaping pitu idealismene
wiwit luntur. Sajake wis ngancik jaman sak iki kabeh-kabeh kudu nganggo isine sak alias dhuwit.
“Eee…. Blaik tenan, arep dadi pegawe kok angele ora jamak,” Parjo grundelan ning ngarepe Drs Parimin kanca kuliahe rikala mampir n
ing omahe.
“Kowe gelem apa piye? Sasi ngarep ana pendhaptaran maneh.Ning kaya biasane.Jaman saiki kudu nganggo (Parimin nggesekke jempol karo drijine). Lewat tanggaku sing kerja n
ing kana dijamin!” semaure Parimin karo ngangkat jempol.
“Terus pira?” Parjo nyaut kanti cekak.
“Saiki pasarane tekan s
uwidak!”
Blaik…. Trembelane, lha kok kayawong bakulan, kaya blantik! Kuwi ya dhuwit kabeh?!” Parjo semaur karo njegeges.
“Mbuh Jo! Dikandhani kok malah cengengesan,” Parimin sajak anyel.
“Terus carane piye?Jaminane piye?Upama ora ketampa piye?Apa dhuwite isa bali? Engko gek ngapusi?” pitakone Parjo kaya udan.
“Ora mungkin, piyayine nek dibayar sak iki ora gelem kuwi jeninge nyokol! Lha wong aku kae mbayare penuh nek wis ketampa, nek kowe gelem ayo njaluk tulung rana! Iki dudu KKN lho, lha wong njaluk tulung. Umpama nganggo dhuwit mbayare kuwi nek wis ketampa… pinangka ucapan terima kasih alias matur nuwun!”
“Kuwi alias ya mbayar…. Ya KKN.Lha kelangan dhuwit!” Parjo nyaut gunemane Parimin.
“Ya! sak karepmu sing ngarani!” Parimin rada anyel.
Embuh piye ceritane ngerti-ngerti Parjo nyarujuki usule Parimin.Parjo karo Parimin sida mengadakan perjanjian tidak tertulis kathi cathetan ucapan terima kasih Rp 60 juta.Rikalaana pendhaptaran Parjo ndaptarke maneh sawise oleh Kartu Pendaftaran terus dipotokopi, dititipake marang tanggane Parimin.
Wis tekan titi mangsane, pamarintah dhaerah nggatekake nasibe paraguru sing wis ngabdi suwe. Penerimaan PNS diutamakke sing pengabdian lan umure wis akeh, kersane Gusti Allah, Parjomemenuhi syarat. Parjo ditetepake ditampa dadi CPNS. Nanging ora ngerti apa merga bantuan apa merga liyane, amarga rikala kabeh kanca-kancane sak angkatan ditakoni ora ana sing nganggo dhuwit babar blas..Ditambah adol mangsan sawah sak pathok warisan saka mara tuane suwene limang tahun.
Nem tahun lawase Parjowis resmi dadi Pegawai Negeri Sipil (PNS), nek mangkat nganggo PSH necis. Nanging nganti saiki, nganti anakewis loro durung ngrasakke blanjane, amarga SK pegawene dititipakeana bank. Jangkane sepuluh tahun kanggo nutup utangan rikala mlebu dadi pegawe lan kredhit pit montore.
“Dhuh Gusti tibake dadi pegawe nganggo cara ngene iki malah susah, penak gek dadi tani biyen kae, entuk sithik dipangan sithik ora dioyak-oyak utang.” Parjo ngunjal ambegan. Atine tambah getem-getem rikalaanawarta ing surat kabar, sing nerangake manawaana oknum PNS nampa sogokan ditangkep polisi amarga apus-apus. Bareng ditelusur tibakeoknum mau sing nampa dhuwit sewidak yuta saka dheweke.
“Pak Guru tangi! Ayo aku terke mulih…. Ngalamun wae!” Sartono pagawe pabrik tekstil ing kutha nggugah lamunane Parjo.
“Eh…. iya… iya…, lho kok yah menewis mulih, Sar?” Parjo geragapan karo nggoleki srandhale.
“Anu Pak guru…. Mau ora dha mlebu nyang pabrik.Ning dha nyang kabupaten. Dhemo nuntut kenaikan gaji,” suarane Sartono katon semangat terus mlumpat nyang sadhel.
“Mengko nek sing dhemo malah dipecat anakmu tok pakani apa?”
“Ehmmm….” Sartono ora bisa njawab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar