Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked,
kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana
ing salah sawijinging dina, ana badai
sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe gugup kabeh kewan ing alas
mau. Kabeh kewan gugup lan mloya-mlayu
kanthi keweden kanggo ngindari badai kuwi.
Dina sesuke, srengenge metu kanthi sumorot kang gawe
anget lan manuk-manuk padha ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang
kadaden? Akeh wit-witan ing alas mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas
kang ora rupa wujude.
Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita
dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…”
tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna.
Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh
dheweke ngomong, “hai kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae,
ora kaya kowe kang ana ing ndhuwur lemah, deleng awakmu, kowe mung bisa nempel
neng wit sing rubuh lan ora bisa slamet seka badai.” Omonge semut kang dumeh
banget.
Semut saya dumeh lan terus ngomong kaya kuwi mau marang
kabeh kewan sing ana ing alas , nganti tekan salah sawijining dina semut mlaku
ana ing ndhuwur endut (lumpur hidup). Semot ora ngerti nek dheweke mlaku ana
ing nduwur endut kang bisa nelen lan narik dheweke mlebu ing njero lempung.
“tulunggg….tuluuuuuung…..aku kejebak nang nduwur
endut…..tuuullluuungg,” semut njaluk tulung. “kayane kowe lagi kesusahan yo,
semut?” semut ndeleng ndhuwur lan nggoleti asal suwara mau, lan jebul suwara
mau asale saka Kupu-kupu sing lagi mabut
ana ing nduwur endut mau.
“Sapa kowe?”pitakone semut kang lagi bingung. “aku iki
kepompong sing wektu kae dieloke kowe.” Jawabe si Kupu-kupu. Semut ngrasa isin
banget lan njaluk tulung Kupu-kupu nulung dheweke seka endut. “ Tulungi aku
Kupu-kupu, aku njaluk ngapura wektu kae aku wis dumeh megra bisa slamet seka
badai mung jalaran umpetan nang ngisor lemah.” Si Kupu-kupu ahire nulung Semut,
saengga Semut slamet lan Semut janji, dheweke ora arep ngeloke kabeh mahkluk
gaweane Gusti Allah kang ana ing njero alas.
Nah, piwulang kang bisa dijupuk seka dongeng ing
nduwur yaiku, dhewek kudu ngormati lan
ngasihi kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh. Intine kabeh mahkluk gaweane
Gusti Alloh kudu dikasihi lan ora kena ngeloke mahkluk liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar