Minggu, 06 Juli 2014

gurit


Kampungku
Kampungku cedhak pelabuhan  tanjung mas
Uga cedak stasiun tawang
Swara sepur gawe reja
Kanggo panglipur sedina – dina
Jembaring samudra tanpa wates
Sumiliring angin lan ombaking samodra
Gawe pelabuhan tambah endah
Ora kuciwa aku manggon ing kampungku
Kampung kang anduweni kaswargaan tanpa tandhingane

gurit


Kuciwa
Satemene kurang apa ta ?
Nganti kaya ngene dadine
Atimu satemene kanggo sapa , aku apa wong liya ?
Ladalah……
            Apa kurang lehku tresna kanggo jenengan
Nganti lakumu marai bingggung awakku
Pangalembaramu jebule mung lamis
Namung abang – abange lambe
Wis….
Saiki ora perlu digetuni
Iseh akeh kang kudu dilakoni
Ora perlu wedi, mesthi Gusti tansah ngayomi 

 
Muspra
Wayang, Ketoprak, Jaran Kepang
Apa isih dha digatekna kesenian kasebut
Apa malah wis arep muspra ?
Ladalah …..
Banjur sapa sing apeh disalahke yen wis kahanan kaya ngene iki
Saiki wis ora wayahe dha nyalah – nyalahke
Ayo isih akeh wektu kanggo ngopeni , nglestarikake kesenian kang adi luhur kuwi
Supaya ora muspra kanthi enteke jaman 

Selasa, 01 Juli 2014

Ki Ageng Selomanik


            Nalikane Kerajaan Mataram kang ana ing Yogyakarta duwe patih kang aran Patih Danureja, kahanan ing Kerajaan Mataram amburadul, para panggedhe sakkarepe dhewe, perang ing sembarang papan, kahanan kaya mangkono disebabke Patih Danureja dadi balaning Kompeni Walanda.
            Ana sawijining crita ing tlatah Kutabanjar Kabupaten Banjarnegara. Ana makam kang dianggep singit dening warga Banjarnegara, yaiku makame Ki Ageng. Ki Ageng Selomanik iku salah sawijining abdine Pangeran Diponegoro, panjenengane kalebu abdi kang setya lan tresna marang bangsa lan bumi pertiwi. Panjenengane ora demen marang polahe para Kompeni Walanda, semana uga marang polahe Patih Danureja kang luwih milih dadi balane Kompeni Walanda tinimbang mbelani ngearane dhewe. Mula panjenengane dadi salah sawijining wong kang mbahayani tumrap Kerajaan Mataram. Rumangsa ora aman Patih Danureja ngutus abdine kanggo nemuni Ki Ageng Selomanik kanthi dawuh supaya Ki Ageng Selomanik sowan ing kepatihan lan aja mungsuhi Patih Danureja sarta Kompeni Walanda. Nalika utusane Patih Danureja tekan ing Tlatah Kutabanjar, Ki Ageng Selomanik lan garwane lagi padha guneman ing serambi daleme sinambi mbopong putrane kang aran Raden Waringin. Prentahe Patih Danureja lewat utusane ora digagas dening Ki Ageng Selomanik. Utusane Patih Danureja murka marang polahe Ki Ageng Selomanik, perang tanding antarane utusane Patih Danureja karo Ki Ageng Selomanik supaya Ki Ageng Selomanik gelem lunga ana ing kepatihan kedaden, nanging utusan Patih Danureja mau ora bisa ngalahake kesektening Ki Ageng Selomanik. Kalah tanding, utusane Patih Danureja lunga saka Kutabanjar. Rumangsa dadi mungsuhe Patih Danureja Ki Ageng Selomanik waspada, Ki Ageng Selomanik sabrayat lunga saka Tlatah Kutabanjar marang Tegalrejo. Panjengengane atur palapuran marang Pangeran Diponegoro babagan kedadiyan ing Tlatah Kutabanjar mau. Pangeran Diponegoro ndawuhi supaya Ki Ageng Selomanik lunga menyang Semarang kanggo nemuni Ranggajaya Adipati Semarang. Ki Ageng Selomanik sabrayat mara ing Semarang.
            Ing Mataram, Patih Danureja diaturi palapuran saka utusane kang nemuni Ki Ageng Selomanik. Rumangsa gagal Patih Danureja ngutus prajurit kang luwih kuwat kanggo nggawa Ki Ageng Selomanik menyang kepatihan. Para prajurit mau mara ing Tlatah Kutabanjar lan kuciwa sebab Ki Ageng Selomanik sabrayat wis ora ana ing kono. Nanging ora cukup semono, para prajurit mau tansah nggoleti Ki Ageng Selomanik. Nalikane para prajurit mau ketemu karo Ki Ageng Selomanik, perang tanding kedaden maneh. Ki Ageng Selomanik kalah ing perang iku, sebab dheweke ora duwe prajurit. Lajeng Ki Ageng Selomanik digawa ing kepatihan lan diwenei ukuman dening Patih Danureja kanggo dipenjara seumur urip sebab dheweke dianggep dadi pemberontak. Nanging Ki Ageng Selomanik saged ucul lan metu saka penjarang mawa kekuwatane lan minggat ing Kuta Gede. Sawise saka Kuta Gede panjenengane lunga menyang Bantul lan mutusake kanggo lunga maneh menyang Semarang saperlu nemoni Adipati Semarang yaiku Ranggajaya. Sebab Adipati Semarang duwe pandhangan kang padha karo Pangeran Diponegara, ora cocog karo Kompeni Walanda, tekaning Ki Ageng Selomanik ditampa mawa sukacita. Wong sakeloron sarujuk kanggo nentang Kompeni Walanda.
Patih Danureja ngerti yen Ki Ageng Selomanik ana ing Semarang, panjenengane dawuh Adipati Jepara kanggo nyerang Semarang. Perang tanding tanpa persiapan dadi ajure prajurit Semarang, akeh para prajurit kang tiwas ing palagan. Ana ing perang tandhing iku Ki Ageng Selomanik dikalahake dening prajurit Semarang, lan perang iku uga gawe tiwasing Adipati Semarang, yaiku Adipati Ranggajaya ana ing Gombel.
            Ki Ageng Selomanik kang bisa ucul saka perang tanding mau lan minggat marang kulon, marang dhaerah sisih lore Gunung Merbabu. Ki Ageng Selomanik mlebu ing desa-desa kanggo golet pitulung marang kanca-kancane. Ki Ageng Selomanik mandeg ana ing sawijining desa lan mapan ing daleme Ki Buyut, Ki Buyut dicritani apa kang wis kedaden dening Ki Ageng Selomanik lan Ki Buyut nampa panyuwunane kanggo ngrewangi Ki Ageng Selomanik nglawan kompeni kanthi bungahing penggalih. Saya suwe Ki Ageng Selomanik nyuwun tulung marang Ki Buyut kanggo nglawan Kompeni, Ki Buyut ngutus kang putra sulunge kang aran Surantani kanggo ngrewangi lan dadi pegikute Ki Ageng Selomanik. Ki Ageng Selomanik nalikane nerusake lelampahane.
            Adipati Jepara kanggelan anggone nggoleki Ki Ageng Selomanik, Adipati Jepara nganakake sayembara kang unine sapa wong kang saguh ngggoleki utawa nemokaken Ki Ageng Selomanik balak didadekake Adipati Semarang. Jugil Awar-Awar putra mbarepe Ki Ageng Makukuhan ing Kedu krungu kabar sayembara iku, panjenengane lanjeng mangkat wonten Jepara saperlu atur palapuran dene panjenengane saguh nangkep Ki Ageng Selomanik.
            Ki Ageng Selomanik wis tekan Kedu, panjenengane ngaso ana omahe Ki Ageng Makukuhan. Ki Ageng Makukuhan uga seneng ketekan dhayoh Ki Ageng Selomanik. Saking kesele nglakoni lelana, Ki Ageng Selomanik langsung sare.
            Pusakane Jugil Awar-awar keri ana Kedu, mangka dheweke bali maneh saperlu njupuk pusaka mau. Jugil Awar-awar takon marang Ki Ageng Makukuhan, “Sinten dhayoh kang teka ing Kedu niki Rama?”, Ki Ageng Makukuhan ngendika “Dhayoh iku arane Ki Ageng Selomanik.”. Keprungu bab iku, Jugil Awar-awar bungah tanpa pepindan. Wengine nalikane kahanan wis sepi, Jugil Awar-awar mlebu ing kamare Ki Ageng Selomanik lan numcepke pedang bola-bali marang Ki Ageng Selomanik. Mayat Ki Ageng Selomanik mau digawa metu, dheweke wedi kewenangan bapake. Fajar mulai teka, Jugil Awar-awar nggatekake dene mayat kang digawa iku satemene nangung sarung lan jubahe Ki Ageng Selomanik kang rupane kaya awake Ki Ageng Selomanik. Jugil Awar-awar kisinan, dheweke lajeng lunga menyang Kedu maneh kanggo nangkep Ki Ageng Selomanik.
            Esuke Ki Ageng Selomanik atur palapuran marang Ki Ageng Makukuhan dene sarung lan jubahe ilang dicolong wong. Rumangsa kewirangan Ki Ageng Makukuhan ngilironi sarung lan jubah mau. Dheweke curiga marang putrane. Ki Ageng Selomanik neruske lelanane karo Surantani sawise pamit marang Ki Ageng Makukuhan. Ki Ageng Selomanik sabrayat serta putrane nerusake lelana. Panjenengane lumaku mangulon lan tekan neng gunung Sumbing. Nalika iku panjenengane mampir ing omahe Ki Ageng Parak njaluk direwangi. Ing pepanggihan mau wong sakloron padha bungah manahe, padha crita nganthi pirang dina wae. Wong sakloron padha ngudarasa, crita bab apa kang wis lan arep kelakon ing Tanah Jawa iki.  Ki Ageng Selomanik aweh pesen supaya Ki Ageng Parak mapan ing kono lan aweh ajaran marang warga kono. Ki Ageng Parak seneng lan sarujuk marang pamanggihe Ki Ageng Selomanik. Kanggo pralambang kasetyan lan kanggo ngrewangi numpas kompeni Ki Ageng Parak aweh pusakane arupa teken lan jubah marang Ki Ageng Selomanik.
            Pikantuk pusaka mau, Ki Ageng Selomanik seneng lan rumangsa yen akeh wong kan mbiyantu panjenengane. Kanggo mengeti kahanan mau panjenengane ngendikan marang Surantani, “ Ana tlatah iki aku enthuk pusaka saka Ki Ageng Parak, mangka tlatah iki dakarani Tlatah Parakan nganti anak putuku ngemben.”
            Sawise saka Parakan, Ki Ageng Selomanik nerusake lelanane ngulon ngliwati Gunung Sindara lan Gunung Sumbing. Ana ing dalan, panjenengane kudanan. Ora nemu papan kanggo ngiyup, Raden Waringin putrane nggolek godhong gedhang kanggo kudungan. Mangka panggon iku diarani Kledung. Ngumpet saka prajurit Kasultanan Jepara panjenengane nerusake lampahane ngulon.
            Sawijining wengi, nalikane padhang mbulan panjenengane neruske lelanane. Ing sawijining panggonan ana ganda arum kang sedhep. Digolek saka ngendi tekane wangi mau, lan panjenengane ketemu sawijining wong kang lagi nggawe gula jawa. Lan tlatah mau diarani Sumberwulan sebab Ki Ageng Selomanik nemukake sumber ganda arum iku saka wong kang lagi gawe gula jawa lan tlahat mau uga ditemokake nalikane wulan purnama.
            Tekan ing latah Sepuran, Ki Ageng Selomanik sabrayat ngaso lan mbangun desa. Sawise  iku Ki Ageng Selomanik lunga menyang kidul ana ing Gunung Lawang, saka Gunung Lawang panjenengane mudhun lan mbangun mesjid lan kadipaten kang aran Kabupaten Selomanik. Ki Ageng Selomanik dadi bupatine, Ki Demang dadi penasehat lan senapatine yaiku putrane Ki Demang dhewe kang aran Ki Butawereng.
            Nanging Jugil Awar-awar nemokake panggon iku, dheweke lapor marang Adipati Jepara. Para prajurit Jepara teka ing Tlatah mau lan perang antarane prajurit Jepara lan Ki Ageng Selomanik sabrayat kedaden. Ki Ageng Selomanik direwangi warga Sapuran, nanging ora bisa ngalahake prajurit  Jepara. Para prajurit Jepara bisa mlebu ing kadipaten lan niyat nggawa Ki Ageng Selomanik. Nanging Ki Ageng Selomanik sakluwarga wis lunga. Satekane ing kali Serayu, Ki Ageng Selomanik kaget sebab ana swara kemrasak kang medeni. Jebule swara mau tekane saka Menyawak kang metu gawe kaget. Mangka panggon mau diarani tlatal Krasak lan Tlatah Nyawak.
            Ki Ageng Selomanik sabrayat neruske lelanane. Ana prajurit kang mlakune keri, semana uga Raden Waringin. Sebab keri mau, Raden Waringin lan prjurit diburu terus dening prajurit saka Jepara. Nalikane diburu dening prajurit Jepara, Raden Wringin mlumpat lan bekas tepak silike metu banyu kang warnane putih. Panggon mau dadi sumber kali kang diarani Kali Putih.
            Ki Ageng Selomanik kang wis mlaku ndisik tekan daleme Ki Demang Wanakarta. Ki Demang Wanakarta duwe putri kang ayu banget rupane. Ki Ageng Selomanik nginep nganti pirang-pirang dina lan duweni niyatan kanggo njaluk pitulung, Ki Demang Wanakarta kanthi remening manah nampa panjaluke Ki Ageng Selomanik. Raden Waringin kang mau tiba lan keri, saiki wis tekan daleme Ki Demang Wanakarta. Ki Ageng Selomanik bungah tanpa pepindan sebab tekane Raden Waringin. Ing daleme Ki Demang Wanakarta wong telu pada guneman, aweh crita lan nasehat. Ki Ageng Selomanik ngersakake Raden Waringin krama karo putrine Ki Demang Wanakarta. Sejatine Raden Waringin uga demen karo purtine Ki Demang Wanakarta, nanging dheweke isin karo ramane. Mangka dheweke nyelak tawaran mau. Lan panggonan mau diarani Tlatah Selakrama kang asale saka tembung selak lan krama. Putrine Ki Demang Wanakarta sidane krama karo Surantani.
            Jugil Awar-awar ngerti yen Ki Ageng Selomanik ana ing Selakrama, dheweke atur palapuran marang Adipati Jepara. Par prajurit nyerang Selakrama. Para warga Selakrama ora bisa ngalahake prajurit Jepara. Ki Ageng Selomanik sabrayat nyebrangi kali Serayu. Sadurunge nyebrangi Kali Serayu, Ki Ageng Selomanik nancepke teken lan jubah kang diwenei Ki Ageng Parak ing lemah, sebab kasektene Ki Ageng Selomanik mangka teken mau njelma kaya awakke Ki Ageng Selomanik dhewe, gunane teken lan jubah mau kanggo ngapusi para prajurit Jepara.
            Para prajurit Jepara wis nyebrang Kali Serayu, weruh teken lan jubah kang ditancepke mau dikira Ki Ageng Selomanik. Jubah mau langsung ditangkep, tekene dibubut lan dienggo ngunus jubah mau. Sawise diunus dening teken mau, Patih Mayang nguncalke jubah mau ing Kali Serayu. Para prajurit Jepara kapusan lan seneng banget. Kabeh prajurit padha mandeg ana ing sisihe Kali Serayu. Para prajurit Jepara bungah lan gawe pengetan sebab kewajibane wis kalaksanan. Yaiku mateni Ki Ageng Selomanik. Lan panggon iku diarani Leksana. Nalika semono, Jugil Awar-awr isih mburu Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin. Lajeng Adipati Jepara nyusul Jugil Awar-awar mburu Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin.
            Sawise adoh lan prajurit Jepara ora katon, Ki Ageng Selomanik ngaso lan ngenteni  Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin kang keri ing mburi. Nalikane ngaso, Ki Ageng Selomanik nyawang kahanan ing sesisihe. Ki Ageng Selomanik weruh sawangan endah kang nengsemake mata. Mangka panggong kanggo nyawang mau diarani Tlatah Sawangan. Lan panggon kanggo ngenteni mau diarani Tlatah Tunggorono sebab Ki Ageng Selomanik nalika ngenteni ana ing ara-ara.
            Salajengipun, Ki Ageng Selomanik tekan sawijining alas kang lagi dibabad dening Demang Wanakerta, lan alas mau diarani Alas Wonokerto. Ki Demang Wanakarta lan putrane uga ngrewangi Ki Ageng Selomanik sabrayat kanggo mbangun Tlatah Wonokerto. Lan kanggo nambahi lan njangkepi senjata, cangkul, parang lan sapiturute rombongane Ki Ageng Selomanik gotong royong kanggo nggawe alat-alat mau. Putrane Ki Demang Wanakarta dadi pande, mangka dheweke diwenehi gelar Giling Wesi. Para warga diajari cara kanggo perang dening Surantani. Saya suwe Wonokerto dadi sawijining kadipaten cilik. Jugil Awar-awar krungu kabar mau lan aweh lapuran marang Adipati Jepara nalikane Adipati Jepara arep lunga saka tltah Leksana marang Jepara. Krungu pawarta kaya mengkono Adipati Jepara, Patih lan para prajurite kaget lan ora ngandel. Luwih-luwih Patih Mayang kang rumangsa ngoncalke Ki Ageng Selomanik ing Kali Serayu. Rumangsa isin lan wirang Patih Mayang mateni awake dhewek. Patih Mayang dikubur ana ing kono, lan kuburane diarani makam Kepatihan.
            Salajenge para prajurit Jepara nyerang Wonokerto, prajurit Wonokerto kalah. Ki Demang Wanakarta uga tilar donya. Ki Ageng Selomanik sabrayat bisa uwal saka prajurit Jepara. Lajeng Ki Ageng Selomanik lan Rombongan nyebrang kali lan tekan ing daleme Demang Singamerta Banjarnegara. Sebab lapuraning Jugil Awar-awar maneh, kademangan diserbu dening prajurit Jepara. Nanging wong-wong kademangan dipimpin dening putra Ki Demang kang aran Singataruna nglawan prajurit Jepara. Wong-wong kademangn direwngi dening Raden Wringin lan Surantani. Perang mau kedaden suwe lan sengit, Ki Ageng Selomanik dhewe lunga ing gumuk cilik. Dheweke semedi ana ing panggon kang salajenge diarani Tekidadi kang asale saka tembung teteki lan andadi. Salajengipun Ki Ageng Selomanik lunga lan teka ing sawijining alas. Ana ing alas iku Ki Ageng Selomanik uga semedi. Alas mau dening Ki Ageng Selomanik diarani Alas Wanacipta sebab alas iku kanggo papan semedi lan manengku puja marang pencipta.
            Sawise rampung semedi, Ki Ageng Selomanik pengen weruh peperangan ing kademangan Singamerta. Nanging ana swijining wit Kemiri kang nutupi pandelenge Ki Ageng Selomanik. Mangka wit Kemiri mau disabda lan tiba ana ing sawijining Tlatah kang diarani Tlatah Kemiri. Ana ing paperangan iku Ki Demang Singamerta lan putrane singataruna tiwas. Ki Ageng Selomanik sabrayat lunga ana ing Kutawaringin, lan nyuwun pangayoman saka Ki Ageng Bagus Kutawaringin. Adipati Jepara krungu warta dene Ki Ageng Selomanik sabrayat ana ing Kutawaringin lan nyerang Kutawaringin. Raden waringin lan adhine yaiku Raden Anom mbela Kutawaringin. Nanging apes, Raden Waringin lan Raden Anom gugur ing palagan. Para prajurit Jepara seneng ora dinyana dene pahlawan Selomanik yaiku Raden Waringin lan Raden Anom tiwas. Sebab patineng pahlawane, kahanan amburadul. Keprungu swarane para prajurit Jepara, “Kyai Ageng Selomanik mati! Kyai Ageng Selomanik mati!”. Garwane Ki Ageng Selomanik krungu warta iku, lan sebab kasetyaning marang Ki Ageng Selomanik dheweke mati lan dimakamke dening Surantani.
            Sebab matining para pahlawan Surantani dendam marang Jugil Awar-awar, sebab miturut pamanggihe sebab musyabab kedadiyn elek kang kelakon iku disebabake dening Jugil Awar-awar. Perang antarane Surantani lan Jugil Awar-awr kedaden. Surantani menang lan bisa mateni Jugil Awar-awar. Sawise iku Surantani bali menyang kedu kanggo ngabarake kedadiyan kang wis kelakon antarane Ki Ageng Selomanik lan Jugil Awar-awar marang ramane yaiku Ki Ageng Parak.
            Ki Ageng Selomanik kang krungu kabar patineng wong-wong kinasih yaiku garwa ln putra-putrane, Raden Waringin lan Raden Anom. Dheweke nyepi ing pinggir kali Serayu. Ki Ageng Selomanik semedi ing papan kang saiki diarani Kutabanjarnegara.
            Sawijining dina musuh saka Jepara teka nyerang Ki Ageng Selomanik. Sebab ora ana papan kanggo mlayu Ki Ageng Selomanik keweden. Ki Ageng Selomanik perang karo Prajurit Jepara. Nanging, nalikane arep dirante dening Prajurit Jepara raga lan jiwane Ki Ageng Selomanik ilang tanpa bekas. Panjenengne moksa tanpa an wong kang ngerti.
            Sawijining dina Ki Kertawikra kang dadi Bahu lan cepak karo Kanjeng Dipodiningrat menangi banjir gedhe sawise banjir bla bur Banyumas. Banjir iku gedhe banget nganti nutupi tanjakan. Ki Kertawikra lagi ana ing sawahe, nanging sawah mau kelelep dening banjir. Lan dheweke kaget sebab makam kang ana ing sisihe makam wutuh lan ora kena banjir. Namung katon suket kang teles kena banjir, nanging ora ana pasir utawa krikil babar blas ing makam iku.
            Nalikane Ki Kertawikra kaget, dheweke krungu ana swara kang unine, “Papan kang ora kena banjir pagerana mubeng,”. Sawise kekadiyan mau Ki Kertawikra nemuni Kanjeng Dipodiningrat. Ki Kertawikra nyritakake apa kang kekadian ing makam mau. Kanjeng Dipodiningrat uga enthuk wangsit kang unine supaya nyungkup makam mau. Supaya Kanjeng Dipodiningrat bisa dimakamke ana ing mesjid tembe burine. Lan Kanjeng Dipodiningrat aweh duwit kanggo nggawe cungkup marng Ki Kertawikra.
            Sawijining dina Suwarso lagi nggolek jangkrik ing plataran saubengen Banjar Cahyana. Wektu iku tengah dina, lagi panas-panase Suwarso ngiyub ing makam lan ketemu Ki Kerta. Ki Kerta cerita dene makam iku makame Ki Ageng Selomanik. Ki Ageng Selomanik iku salah sawiining komandan perang Pangeran Diponegoro. Sawise Pangeran Diponegoro ketangkep kompeni, Ki Ageng Selomanik manggon ing Kaliwiro. Ki Ageng Selomanik nagdekagake padepokan lan ngajak para kawula nom kanggo sinau agama lan beladiri. Kompeni kang krungu kabar iku ora seneng, lan gawe sayembarkanggo nangkep Ki Ageng Selomanik.
            Nganti saiki isih akeh wong kang ziarah ana ing makame Ki Ageng Selomanik kanggo nyuwun berkah pangestune. Lan Ki Ageng Selomanik uga isih ngrawati anak turune. kaya sawijining canggahe kang isih dijaga. dheweke diwenehi keris kang rupane kaya iwak mujaher. Lan dheweke diwenehi keprigelan kang padha karo hobine Ki Ageng Selomanik yaiku ngingu iwak.