Wonten ing jaman rumiyin, ing telaga wonten salah
sijining kewan kang urip yaiku penyu. Manuk blekok uga urip wonten ing sakiwa
tengening telaga. Kewan menika dados konco ingkang celak sanget. Wonten ing
sawijining dina wonten mapinten pinten tukang golek iwak inglang badhe pados
penyu saha ulam. Wonten ing wekdal ngkang sami para penyu menika mangertos
ingkang dipunngendikakaken saking para tukang golek ulam menika. Lajeng penyu
menika kandha kaliyan manuk blekok,”apa kowe krungu kang diomongake dening para
tukang golek iwak mau lan apa kang kudu dilakoni saiki? ”
“aku sakbisa bisane tak ewangi awak mu”.”aku wis
kulina ngrasakke wektu wektu kang medeni”. Kandha si penyu.
Dadi isa apa ora kowe ngewangi aku lunga seko telaga
iki?”
“Ananging cara iki ora aman kanggo awakmu yeng kowe
namung mbrangkang saka telaga iki menyang telaga liyane?”. Kandha si manuk
blekok.
“ya, kowe isa ngangkat aku ora lan nunut awakmu mabur
kanggo pindhah ing telaga liyane” kandha si penyu karo raine seneng banget.
“Piye carane?“ pitakone manuk blekok.
“Kowe golek pang uwit kang wis gagrak saka wit lan
ceker mu nyekel pang kuwi, mengko aku nyokot pang kuwi mau. Salajenge yen kowe
mabur aku iso melu karo kowe.” Kandha si penyu.
“Wah apik tenan kuwi”. Kandha manuk blekok. “ananging
ya, medeni banget kuwi yen kowe ngomong rikala mabur, kowe isa tiba.”
“Apa kowe ngira aku bodho pa?” pitakon penyu.
Lajeng wektu blekok iku mabur sinambi ngangkat si
penyu nganggo pang kayu. Dheweke ketok karo wong wong kang lagi angon sapi ing
ngisor.
Amarga kaget, para wong kang angon iku ngomong,”
wah kok aneh banget kae. Delokken kae! Manuk kang lagi nggawa penyu ing telaga
liyane.”
“Wah, yen mangkono penyu kae iso tibo iso dinggo
bakaran. ” kandha salah sijining angon sapi.
“Aku arep tak dadekake dai cilik cilik terus tak
pangan,” kandha wong angon sapi liyane.
Krungu saka suarane para angon sapi kang panas ana ing
kuping, penyu lali menawa penyu lagi nyokot pang kayu kang lagi digawa mabur
karo manuk blekok langsung mbengok nesu. “kowe arep mangan aku!”
Dheweke pas mbukak tutuke,dheweke lali anggone nyokot
pang kayu mau lan dheweke tibo kebanting ing lemah saha dijukuk para angon sapi
lan langsung dibakar.
Manuk blekok ora kuwat nyawang penyu kang mati
kedahipun penyu mirengaken wasita saking manuk blekok supados mboten buka
tutukipun.
Mila wasita ingkang sae menika kedah dipun tindakaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar