TANGISE PERTIWI
Kesurang-surang,,,,,,kelara lara,,,,
Tan kendhat anggone nandhang sungkawa
Gene kena apa?
Lan katemahan marang sapa
Dudu manungsa, uga dudu
titah sawantah liyane
Sliramu pengen ngerti sapa
Ya,,,,,bumi pertiwi iki kang
lagi nandhang sungkawa
Ya gene kena apa?
Bebendhu tan kendhat nemahi bangsa iki
Katambahan pokale manungsa kang kaya buta brangasan
Seneng njupuk, melik, lan mangan darbeke liyan
Kocar-kacir, ndadekake kahanan kang gawe giris
Pertiwi iki
nangis,,,,,keranta-ranta
Tansah nunggu kapan tekane
Ratu adil kang mengkone
kaajab
Bisa gawe padhanging kahanan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar