Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah
sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun
utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi
kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh
numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih
kancane aji moro ing ngomahe.
“Ji, aji…aji….” Fatih
bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
“ Woi…..dilit” suarane Aji
saka njero ngomah.
Let sadela suara pating
gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
“Wah…. Iki apa sek tak
goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae
mlayu marani Fatih.
“He..he..he..he lagi wae
madang, alhamdullilah wareg!!”
“Wuuuuu…..awak wae sing
digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
“ Kadingaren dolan
sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
“Ayo Ji mubeng-mubeng
nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
“Ayo!!! paling sampeyan yo
kalah mas bro.”
“Weh aja ngremehke,ngeneki
aku wis tau juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane ro
ciduk???”
“Ha…ha..ha… dingo adus.”
Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
Sak banjure Aji mlebu ing
garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede
Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
“Siap rung tih?”pitakone
Aji kang wos siap arep balapan.
“ Siap ndan.” Wangsulane
Fatih
“Siji…loro…telu…”
Treng
…..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng
ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino
Rossy lan lorenzzo.
Ana ing pertelon aji lali
ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget
banget,dheweke bingung lan gugup.
“Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng ,
tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane
Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
“kepriye tha le…? Nek
numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek
ngeneki?”pituture bakul some.
“ Kula nyuwum pangapunten
pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora
payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
“Injih pak, kula tetep
tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
Ahire Aji lan Fatih
tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak
sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor
banter-banter.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar