Alun segara kidul pancen ngedap-edapi. Jumlegure banget rinasa
saengga ngremukake swasana ati. Wiwitane kabar saka sabrang nalika
kadang-kadang kita sing pating jlerit memelas ilang kesapu ombak tsunami. Ya
amarga saka kabar tsunami kuwi pikirane saiki tansaya kaco, ora jenjem.
Pikiran nglambrang sansaya mbabra nalika wong-wong saomah
ndadekake dheweke minangka paran pitakonan. Dudu jawaban sing kudu dipikir
nanging kepriye carane nakyinake jawaban sing pancen angel tenan. Malah dheweke
kerep muring-muring marang jawabane dhewe.
Kabeh jawaban iku satemene ya mung kanggo nyenengake
wong-wong kuwi, geneya aku kudu ngomong jujur yen wong-wong kuwi ora nate gelem
percaya lan marem marang jawabanku?
Ngono atine kandha kaya-kaya nyalahake awake dhewe. Mula
kanggo sumingkir saka pitakonan-pitakonan konyol kuwi dheweke kerep ngesok rasa
sumpeke marang pesisir ing wayah sore. Manuk-manuk camar dolanan ombak
sandhuwure segara kang sedhela-sedhela mabur mudhuk-mandhuwur ora bisa nglipur
dheweke saka rasa goreh.
Malah dheweke nggusah manuk-manuk mau kanthi disawat nganggo
gesik. Pancen aneh manawa manuk kang ora ngerti kenthang-kimpule melu-melu
disalahke. Kamangka bisa wae mbok manawa camar-camar kuwi satemene ngerti
marang apa kang lagi dirasakake. Saora-orane sekarep gawe lelipur. Ananging
sajake dheweke ora rumangsa kelipur. Malah kaya-kaya manuk-manuk mau nggeguyu
dheweke. Pancene ing wektu kuwi pikirane lagi goreh ora bisa nampa
kahanan kanthi wening, malah kepara nggedheke rasa cubriya lan
emosi-emosi.
Ndhewe ing papan sepi katone pas kanggo dheweke. Jroning
meneng dheweke bisa ngrangke umpama-umpama kang ora bisa ditampa dening
pikirane wong waras. Apa dheweke saiki wis edan? Nanging, yen ora gemblung
geneya dheweke kok golek jawaban ing pesisir? Ananging yen wis kepara edan,
geneya dheweke isih duwe pengarepan? Najan pengarep-arep mau mbuh ora genah
dununge.
Dheweke isih setya mecaki dawaning pesisir kanthi rasa ati
kang ora bisa digambarake. Rasa sumpeg lan judheg campur dadi siji ngrajam
ngudhet-udhet pikiran sehat. Apa dheweke bakal nemu jawaban kang bisa maremake?
Mung wektu kang bakalan njawab.
Ing wektu-wektu kepungkur, dheweke kerep ngentekake wektu ing
pesisir sinambi nyawang langit sing sulak abang karo calon bojone. Calon bojo?
Ya, bisa diarani ngono awit nyatane dheweke karo Yan klakon tunangan. Najan
sasuwene kuwi ora nate ana rasa istimewa sing mlebu ing atine.
Awit dheweke ora prenah duwe pikiran apamaneh duwe
pengarep-arep dadi bojone wong kang sasuwene iki wis dianggep kaya dene kadang
tuwa. Ora ana rasa jroning ati kajaba: kadang!
Nanging, nalika krungu kabar manawa tanah Aceh banjir bandhang
marga disapu gelombang tsunami kang newasake atusan ewon manungsa, kabeh
kenangan ing pesisir iku malih dadi rasa nelangsa kang banget nabet ati.
Antarane rasa salah lan kangen dadi nyawiji. Antarane pengarep-arep lan
kenangan dina-dina kepungkur rinonce kekembangan kang ngambarake rasa kangen.
Sauntara kuwi wis suwe dheweke nyoba ngubungi mawa handphone
(HP). Nanging, ora ana jawaban saka sebrang. Keluarga lan sanak-kadange sansaya
mojokake jroning swasana kang salah. Sikepe kang sasuwene iki sajak lelewa
dianggep minangka kebeneran manawa Yan calon bojone katut dadi korban ing Aceh.
Pancene pandakwa sing banget keladuk. Jroning kahanan kang kaya mangkono ora
ana pilihan kajaba ngesok marang pesisir kang ninggalake kenangan, kaya sing
dilakoni ing wektu sore iki.
”Rungokna ombak, wong-wong saomah wis ora mrecayani aku. Kabeh
wis nganggep aku mutusake sesambungan karo Mas Yan. Tenan, sasuwene iki aku wis
kerep nyoba ngubungi Mas Yan. Nanging saben-saben dak telpon, mung veronica
sing njawab”.
Sore iki mbuh sing kaping pira wis ora ketung maneh. Swasana
meh padha. Ing sandhuwure segara manuk-manuk camar isih ngiteri langit. Ombaking
segara kidul sing sagunung-gunung kaya-kaya arep nguntal dheweke. Jan-jane
dheweke duwe pengarep-arep supaya disaut dening glombang iku. Nanging,
dudu nglalu. Dheweke kepengin ketemu karo Yan lantaran ombak mau. Manawa
Gusti pancen ngarepake dalan kuwi, mula tekoa he ombak gedhe, ngono atine
kandha.
Katone iki mujudage keputusan pungkasan. Dheweke wis ora
pengin bali mulih. Dheweke bakal ngenteni kabar saka calon bojone. Dheweke
rumangsa salah marang wong lanang iku. Sasuwene iki ora tau nggateke kawigatene.
Sasuwene iki mung nganggep sedulur marang dheweke. Nanging kabeh rasa mau saiki
malik satus wulung puluh drajat. Rasa sepa kang ngukuhi jroning atine, saiki
mleleh dadi rasa kangen lan kebak ing penganti-anti.
Ananging rasa kangen mau kanggo sapa? Kabeh wong wis ngerti
menawa tanah Aceh wis ora wujud maneh? Kamangka nalika kedadeyan glombang
tsunami kuwi Yan lagi tugas ing kono. Wiwit kuwi ora ana komunikasi. Lan
kabeh mau wis lumaku luwih saka sesasi. Dheweke nyoba golek jawaban ing pesisir
segara kidul. Apa ana gegambaran kang bisa gawe pepadhang? Apa ana tipak-tipak
kang bisa nuntun lakune amrih bisa ketemu marang calon bojone?
Dheweke lungkrah. Semonoa sikile tetep jumangkah. Saiki lakune
ora mung ana sapinggire pesisir. Wis sawates dhengkul dheweke mlebu ing banyune
segara. Panyawange ngener tengahe segara sing ados lan blawur. Pikirane wis ora
bisa diajak kompromi. Mbok menawa ya dalan iki sing bakal bisa nuntun
jroning sapatemon. Ngono dheweke mupus.
Srengenene meh angslup. Candikala katon ngregemeng. Nanging
dalan mau katon jembar lan padhang. Lakune tansaya adoh kanthi langkah alon
nanging manteb. Rasa nekad iku luwih nyata nalika banyune segara wis nelesi
perangan awake. Ora ana suwarane sato kewan maneh. Kaya-kaya kabeh ngurmati
lakune sing mecaki jerone segara kidul.
Dheweke kaya sang ratu lumaku ing sandhuwure permadani abang
nuju ing dhampar nalika sang raja wis suwe anggone ngenteni. Pandulune manther
mangarep nyawang sang dasih kang ngawe-ngawe marang dheweke. Saiki banyune
segara wis sewates dhadha. Saka kadohan katon gumulunge alun kang dhuwure
sauwit klapa.
Ananging ujug-ujug HP-ne muni. Dheweke kaget lan
tanpa sadhar ngangkat HP-ne. “Mas Yan! Piye kabarmu, Mas…?!” Kaya thathit
dheweke mbalik jangkahe.
Swara saka sebrang njawab kanthi kebak rasa tresna lan kangen.
Swara mau ora liya Yan pacangane sing sasuwene iki diarep-arep kabare. Swarane
iki panggah kaya biyen-biyen kae. Gumbira lan uga kebak pengarep-arep marang
dheweke.
Wanita enom mau saiki wis ana ing pesisir. Ana rasa gumbira
kang ora bisa digambarake nalika dheweke jumangkah ninggalake pesisir kidul
kuwi. Kabar tsunami sing klakon ngrenggut atusan ewon kadang kita ing Aceh
pranyata isih nyisake sawijining uwong kang banget dianti-anti. Nanging ana
siji sing ora bisa diapusi, yaiku rasa jroning atine kandha manawa antarane
dheweke karo Yan ora luwih mung rasa peseduluran. Wanita mau banjur
mecaki dawaning pesisir.
Penulis adalah Parpal Poerwanto, Guru SDN Wonomulyo, Wonogiri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar