Selasa, 01 Juli 2014

Cerita Rakyat Adipati Pragola 1


Adipati Pragola 1 kuwi jeneng asline yaiku Raden Wasis Jayakusuma. Dheweke putra nomor kaith ki Ageng Penjawi. Mbak ayune duwem jeneng Rara Sari, dheweke dadi permaisuri Panembahan Senopati Raja Mataram lan duwe gelar Kanjeng Ratu Mas.
Raclen Wasis Jayakusuma awit cilik duweni keprigelan sing katon beda tinimbang bocah-bocah cilik liyane. Nalika wis jejaka, Raden Wasis Jayakusuma wis pinter anggone manah lan nunggang jaran. Saliyane kuwi, dheweke uga duweni kaprigelan ing ilmu kanuragan. Kabeh kaluwihane kaya mau kuwi ora liya amarga, kaprigelane wong tuwane anggone ngajari.
Wektu Mataram tanding perang lawan madiun, Panembahan Senapati nyuwun pitulunagnipun Adipati Pragola 1 utawa Raden Wasis Jayakusuma. Adipati gelem wae anggone ngrewangi perang amarga Senapati samenika ora liya kakang ipene dhewe. Wektu perang kuwi, Adipati Jayakusuma ora duwe wedi, dheweke ora migunakaken gaman apa wae, kabeh gaman sing dingo mungsuh ora mempan ing awake Adipati Jayakusuma. Perang nglawan Madiun ora gampang, akeh banget wong-wong sing dadi kurban.
Pungkasane Madiun ingkang dipunpimpin kaliyan Rangga Jemuna saged dipunkalahaken. Madiun dijur, kabeh bandha ana ing kana digawa menyang Mataram uga dene putrimpun Rangga Jemuna inggih menika Retno Ayu Dumillah. Retno Ayu Dumillah sadurunge ora gelem digawa ning Mataram, dheweke wani nantang Panembahan Senapati lan dheweke nyamar dadi satriyo, nanging kayatan kaya mau bisa ora bisa ngrubah kayatn dheweke arep dibopong fling Mataram.
Adipati duweni kakarepan ndadekake Retno Ayu Dumillah dadi bojone, flanging kayatan liya yaiku Panembahan uga duwe kakarepan sing padha. Abot atine adipati ngeculake Retno Ayu Dumillah arep dikahwin karo Panembahan


Senopati, nagnging kepriye maneh Adipati naming bisa narima. Adipati banjur kelingan kepriye bakale nasibe mbakyune yen Panembahan Senapati arep nduwe bojo maneh.
Sabanjure Adipati mung mikir kepriye carane bisa mbangun kadipaten Patin dadi kadipaten sing kuat lan makmur. Kayatan Perjurit Pati misuwur gagahgagah lan prigel anggone gawe gaman. Pati dadi makmur sabanjure dipunpimpin kaliyan Adipati Jayakusuma.
Adipati Jayakusuma asring banget mebeng-mubeng desa supaya bisa ngerti kahanan rakyate saka cedhak. Wektu Adipati kunjung ana ing Desa Kemiri, piyambakipun angsal pawarta yen ana bocah wadon sing meteng flanging ora ana bojone. Jenenge bocah wadon kuwi yaiku Ran Suli. Sabanjure Rara Suli diutus nemoni Adpipati Jayakusuma ana ing kadipaten. Wektu Rara Suli lunga ing kadipaten, malah ndadekake Adipati jayakusuma tresna karo Rara Suli. Adipati jayakusuma banjur nikahi Rara Suli lan Rara Suli diboyong ana iiig Kaputren Kadipaten Pati..
Prasasat saya suwe wetenge Rara Suli tambah gedhe flanging during ana sing ngerti sapa sabenere bapak saka anak sing ana ing wetenge. Adipati kelingan marang gurune inggih menika Ki Ajar Pub Putth ingkang urip aria ing Pub Mandalika. Lajeng Adipati menika tindhak menyang Pub Mandalika, menawi gadhahi kakarepan bisa nylesekake prakara kuwi mau.
Ki Ajar sekti bariget, sadurunge Adipati ngomorig apa sing dadi kakarepane dheweke ana ing Pub Mandalika. Ki Ajar sampun mangertos lan Ki Ajar ngeridikan yen bakal ana prakar sing gedhe banget ana ing Pati. Miturutipun Ki Ajar, ana ing sajerone Gua Pati Ayam ana manungsa sing bisa ndadekake bebaya ing Pati, manungsa kuwi nembe tapa ing kono. Atine adipati saya bingung, sabanjure krungu anggone Ki Ajar ngendika kaya mangkono. Nanging sabanjure Adipati diwenehi piweling Ki Ajar lan dheweke mudeng kakrepane piweling kuwi, salajengipun Adipati Wasis Jayakusuma pamit bali menyang kadipaten Pati.


Salajengipun Adipati lunga menyang Gua Patiayam.Ing Sajerone gua, Adipati weruh ana wong sing lagi tapa. Adipati kaget amarga manungsa sing nembe tapa kuwi nduweni kulit sing beda banget karo wong-wong Jawa biasane.Wema kulite putih, rambute pirang, awake gedhe dhuwur, lan wema mripate biru, Cetha banget yen wong kuwi dudu wong jawa Jenenge wong sing nembe tapa kuwi Baron Sekeber. Salajengipun Adipati ngajak Baron Sekeber tanding.Prang tanding antarane Adipati mungsuh Baron Sekeber imbang, lelorone padha ngetokake ilmu kanuragan nanging ora ana pratanda sapa sing bakal kalah, sapa sing bakal menang.
Amarga ora ana sing kalah utawa sing menang Adipati nantang Baron tanding selulup ana ing laut. Lelorone banjur lunga ing Laut Blenderan, Gunung Clering. Ana ing kono Baron nembe bisa dikalahake. Baron Sakeber ngakoni kaunggulane Adipati. Baron Sakeber menehi pedang, tameng lan kiambi perang kanggo tanda yen dheweke ngakoni kaunggulane Adipati.
Sawise kalah, Baron didadekake abdi dalem Kadipaten Pati. Baron nduweni tugas dadi juru Taman Kadipaten. Panggaweyane yaiku ngurusi tanduran sing ana ing Kaputren lan jaran-jaran nduweke Adipati. Wiwit ana Baron, taman Kaputren dadi apik banget Ian Jaran-jaran kadipaten dadi keker kabeh. Salah sijine jarane Adipati sing nduweni jeneng Juru Taman. Jarane wwernane ireng, dhuwur, gagah, Ian banter anggone mlayu kaya kilat.
Ora let suwe ana kedadeyan mengkono Rara Suli babaran, bayine kembar. Sing siji dijenengi Jarwenda lan sing siji dijenengi Janurwenda.
Sawijining di, Adipati diutus ngadep Panembahan senapati ing
Mataram. Adipati mangakt menyang Mataram nunggang jaran Juru Taman.
Sawise tekan Mataram, Panembahan Senapati kaget banget amarga anggone
Adipati tekan Mataram cepet banget, apa maneh sing diutus ngadep adipati
durung tekan Mataram.
Panembahan Senapati kesengsem marang kakuwatane Jaran Juru Tatnan. Sabanjure Senapati nduweni kakarepan jaran kuwi dadi duweke Ian Jaran kuwi


arep diganti karo sapi sing dibanggakake jenenge Pragola. Sadurunge Adipati ora hal anggone ngeculke jaran diijohi karo sapi, nanging pungkasane Adipati mung bisa gelem yen eling kayatan Panembahan Senapati kuwi kakang ipene dhewe. Salajengipun Adipati bali menyang Pati nunggang sapi Pragola,wiwit kuwi Adipati wasi Jayakusuma nduweni jeneng liyan inggih menika Adipati Pragola.
Nalika Adipati dugi ning kadipaten, Adipati arep langsung menyang taman Kaputren. Kakarepane arep nemoni Rara Suli, nanging Adipati kaget banget ngerti kanyatan yen Baron Sakeber ana ing njero kamare Rara Suli. Kedadeyan kuwi mau sing ndadekake Adipati ngerti sapa sing dadi bapak anake Rara Suli. Banjur Adipati matem Baron Sakeber nganggo kerise. Anake loro sing ngerti kedadeyan kuwi mlayu lunga saka kadipaten. Wektu kuwi Adipati langsung ngutus Patth Panjahingan kanggo nguber bocah loro kae mau. Lelorne akhire mati, sing siji mati kejungkel wektu mlompat pager kadipaten sing dhuwur banget. Janurwenda mati kesandung lan tiba wektu ngliwati jembatan ing sajobone kadipaten. Sawetara Rara Suli dingapura dening Adipati.
Sawijining wektu Adipati mrentah anak buahe lunga ning Mataram kanggo nakokake kahanan kakuasaan ing Lore Gunung Kendeng in njaluk pitulungan babagan gaman awujud tombak. Panembahan Senapati sarujuk menehi tombak nangingoran diwenehi sarung tombake. Adipati ora trima kelakuane Mtaram kaya mengkono, dianggepe kuwi mau nyepeiekake dheweke. Salajengipun Adipati nggolek cara kanggo nglawan Mataram. Sadawane dalan lunga fling Mataram, Adipati ngrampas gaman, njarah dhuwit, Ian nundukake desa sing dadi wilayahe Mataram. Desa kuwi kabeh dibebaske lan diajak nglawan Mataram.
Kebo sing pemah diwenehake Adipati dikethok ndase lan dibuntel kain abang. Sawise kuwi Patih Penjalingan diutus menehake kuwi ning Mataram. Panembahan Senapati ngamuk anggone oleh kiriman ndas kebo, lan mrentah peijurit mangkat ning Pati.


Panembahan Senapati sing keprungu babagan kuwi saka Adipati Pajang kepengin tanding langsung lawan Adipati Pragola nanging ora oleh karo boj one. Rara Sari nguslake yen anake Pangeran Anom wae sing nemoni Adipati, ngelingi yen kayatan Adipati isth adikipene Panembahan Senapati.
Pasukan Pati wis tekan ing Prambanan, sawetara kuwi, pasukan sing Iuwih akeh wis tekan Desa Kemalon.
Pangeran Mom dikirim ning perbatasan karo perjurit sing akeh banget. Ing Wates, Pangeran Anom njaluk supaya Adipati purun nemoni Panembahan Senopati nanging Adipati ora gelem. Adipati malah ngenyek Panembahan Senopati. Pangeran Anom sing keprungu kuwi dadi gelo atine Ian panas, sawise kuwi PAngeran Mom nujep Adipati nganggo tombak, nanging ora mempan amraga Adipati duwe ilmu kanuragan. Malah Pangeran Anom digebog nganggo tombak nganti semaput lan tibas aka jaran sing ditunggangi. Sawise kuwi PAngeran Anom digawa pei)urite menyang pesanggrahan ing Prambanan. Adiapti tetep anan ing Prambanan, ana ing Kali Dengkeng lan gawe benteng saka kayu glugu.
Panembahan senapati oleh pawarta saka Pangeran Anom ngamuk ning
Adipati amarga wani gebug anake sing ora liya ponakane dhewe. Panembahan
Senapati Panembahan Senapati migunakaen kahanan iki kanggo ngelek-elek
Adipati fling ngarepe Rara Sari. Mbaknyune kuwi mung bisa pasrah lan ngolehi
Panembahan Senapati kanggo berantas kelakuane Adipati. Banjur PAnembahan
Senapati lan pasukane lunga ning Prambanan.
Panembahan Senapati nyerang benteng sing wis digawe PAsukari Pati ning Kali Dengkeng. Wektu Pasukan Mataram nyerang bende Kyai Bericak dithuthuk-dithuthuk, swarane tekan ngendi-endi. Panembahan Senapati ora bisa nemokake lawang kanggo miebu benteng. Adipati Mandraka nancipke kerise sing jenenge Kyai Culik banjur benteng glugfu ditebas. Benteng kuwi ajur dadi telu. Panembahan Senapati lan pasukane banjur nyerang pasukan Pati, Pasukan Pati akeh sing matri amraga ora bisa mbales kahanan kaya kuwi. Adipati nyoba lunga


nanging kalangan Kali Dengkeig sing lagi banjir. Adipati banjur nyemplung ing kali, lan mbalik ning Kadipaten Pati.
Salajengipun Adipati nyuwun ptiulung saka kadipaten ing saubengane Pati. Salajengipun Panembahan Senapati nerang Kadipaten Pati. Perang dadi maneh lan Pasukane Pati akeh banhet sing mati. Wiwit kuwi Adipati ora dingertem ana ning ngendi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar