Minggu, 29 Juni 2014

Sawise Langite Katon Biru ( Ringkasan )


Tresna Kang Luput
Retno mutusake arep menyang jogja sekolah dadi biarawati. Retno mutusake dadi biarawati supaya luwih cedhak marang Gusti lan sinau agama kang temenan. Retno kepingin nglalekake kedadean kang anduweni duso kang gedhe. Wektu kui Retno kira – kira umur 8 tahun uwis ora bisa ndheleng maneh. Uripe mung dikancani karo eyang putrine ing tlatah Batu nganti 13 tahun suwene. Retno anduweni mbak yu jenenge Endah. Endah anduweni kekarepan supaya bisa ngoprasike mripate Retno lan bisa nduwe bojo dhokter supaya bisa nambani Retno. Kekarepane Endah dikabulake marang Gusti, ora let suwe Endah ngabari yen arep mbojo karo dhokter mripat jenenge Hendratmo.
Ing salah sawijining dina Retno dikenalake karo mas Hen, ning perkenalan kuwi awal saka tresna kang luput. Mas Hen kasengsem karo Retno kang anduweni rupa kang ayu banget. Retno iya ngrasakake perhatiane mas Hen sawise kenal lan anduweni watak kang ikhlas kanggo ngrawat mripate Retno. Wektu kui Endah karo Hen wancine arep nikah nanging Retno ora mangkat ning acarane Endah, dheweke isin karo liyane yen ora bisa ndheleng, nanging saking sayange Endah marang Retno, banjur mas Hen methuk ngrayu Retno supaya gelem menyang Surabaya ning acara nikahane Endah lan Hen. Mas Hen anggone ngrayu kasil Retno gelem menyang Surabaya nanging ora gelem metu saka kamar. Sawise acara nikahane wis rampung, Retno mulih maneh menyang Batu.
Wis suwe Endah karo mas Hen ora moro pikire Retno apa ijik dha bulan madu kan nganten anyar. Ora  let suwe mas Hen teka banjur ngobrol karo Retno lan eyang. Ning kono Retno dipriksa karo mas Hen, sadurunge diperiksa ana kadadean kang ora dinyana ing kebon apel sisih omahe yaiku pas Retno methik apel banjur kepleset ditataki karo Mas Hen, ning kana kuwi mulaine padha ngrasake seneng.

Suwe - suwe mas Hen anduweni rasa tresna marang Retno merga kerep ketemu lan ngrawat Retno nganti operasi lan intok donor kornea. Mas Hen oleh kabar saka rumah sakit ing Surabaya yen wes ana pendonor kang arep ndonorake mripate. Sawise Retno operasi mripate banjur Retno ngaca pengen reti rupane sing saiki wes umur 21 taun. Banjur mas Hen teka ning rumah sakit ning kunu kuwi Retno reti rupane mas Hen kang bagus.
Mas Hen mesthi ngancani Retno ning endi wae. Endah ya ora ana rasa curiga marang mas Hen yen Retno lan Hen duwe rasa kang luput. Wektu kuwi ana kedadean kang Endah reti dewe yaiku mas Hen lan Retno isih padha ngumbar nepsu. Ning kana kuwi Endah ngerti yen Hen lan Retno dhuwe rasa tresna, banjur Endah nakoki apik – apik ning mas Hen.sawise padha ngerti kabeh yen wis konangan banjur Retno njalok ngapura lan mutusake dadi biarawati kanggo nebus dosane sing wis digawe karo mas Hen.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar