Minggu, 29 Juni 2014

Dolanan karo sinau


Botol Diputer
Salah siji tujuane dolanan botol diputer iki kanggo nambah minate siswa maca supaya ora bosen maca. Cara iki ya bisa nemtokake KEM siswa ben pada mangerteni kemampuane maca. Ning ngisor iki peh dijlentehake cara – carane dolanan botol diputer.
Ø  Piranti lan bahane :
1. botol sing diisi banyu sitik banjur ditutup
2. piranti nulis lan stopwatch
3. bacaan kanggo bahan maca
Ø  Aturaning dolanan :
a.       gawe kelompok, sakelompok isine 3 wong
b.      sakelompok mau banjur gawe bunderan
c.        kanggo miwiti dolanan botol mau diputer banjur kanggo nitiki sapa sing maca disek yaiku pas tutup botole tiba neng sapa. Wekdale maca mung 2 menit
d.      sawise sing maca 1 wektune entek dititiki tekan endhi olehe maca, banjur nunjuk kancane liyane kanggo nerusake wacanane lan sateruse nganti oleh giliran kabeh.
e.       yen wis oleh giliran kabeh, diitung jumlahe kata sing diwaca mau. Banjur di itung KEM kanggo rumus :
                          Jumlahe kata sing diwaca : Waktu X 60
f.       botol diputer maneh kanggo nemtokake giliran jipok soal sing wis disediake karo gurune nganti oleh giliran kabeh.
Tata tertib dolana: 
1. siswa sing isih maca kudu digatekake ora oleh ngomong dewe karo kanca liyane.
2. sing ora bisa jawab soal diwenehi hukuman anurut kesepakatane kelompok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar