Sabtu, 28 Juni 2014

Serat Kalimataya


 
Judul                :  Serat Kalimataya , Bab Perkelanaan Permadi ing tengah hutan Sawise ditinggal Banuwati mati
Sumber            : Buku Serat Kalimataya , halaman 59
Teks Asli         : Tembang macapat, pupuh Mijil 

Perkelanaan Permadi ing tengah hutan Sawise ditinggal Banuwati mati
            Ing mijil iki nyaritakake perkelanaan Permadi ing tengah hutan. Sawise ditinggal Banuwati mati, Permadi atine sedih lan putus asa, karepe mung pengin nyusul bojone ing alam baka. Alam uwis menehi pratanda supaya Permadi sadar lan mulih ing istana. Raden Permati saya suwi atine saya susah. Dheweke terus sayembara ing hutan jaralan isih rumongso kelangan katresnanane. Kangene terus anuju ning Banuwati.
            Wayah wengi sing anduweni cahya bulan lan bintang ora isa ngilangke kasedihane Raden Permadi. Salah sawijine dina awake ketemu karo merak, ning kana merak ngingetake supaya ora nuruti rasa sedih lan susahe, tetep wae ora digubris karo Raden Permadi, padahal pratanda iku wis jelas yen wong mati ora bakal urip maneh.
            Kewan – kewan liyane kaya ta kijang, merak lsp, ngingetake Raden Permadi supaya cepet ngilangake rasa sedih lan susahe. Ora pantes yen satriya iku terus sedih lan susah atine gara – gara bojone mati. Kudune Raden Permadi sadar diri, mulih ing istana lan nglalekake bojone sing uwis mati.
 Novilita Kusuma @ UNNES

Tidak ada komentar:

Posting Komentar