Analisis Bidang fraseologi
Wedhus lan Pitik Jago
Jaman biyen
kewan – kewan bisa omongan kaya manungsa. Sapi, wedhus, pitik, lan kewan –
kewan liyane padha bisa rembugan. Ing sawijining dina wedhus dolan menyang
kandhange pitik jago. Nalika iku jago katon gagah prakosa, kejaba duwe jalu uga nganggo sungu loro, kiwa
tengen.
Weruh pitik
jago nganggo sungu, wedhus uga kepingin nganggo sungu. Mula banjur nembung
marang pitik jago “Go, Jago, bok aku disilihi sungumu!” sing ditembungi enggal
wangsulan, “Kene wae, nanging aja suwe – suwe. Sesuk arep
takenggo maneh”.
Wedhus
klakon bisa nyilih sungune jago. Sungu sepasang sing maune dienggo pitik jago
saiki wis ngalih ning endhase wedhus. Mesthi wae pitik jago njur ora nganggo
sungu ing endhase, nanging kari duwe jalu ing sikile. Jalu iku wujude ya kaya sungu nanging
cilik.
Esuke, jago
kepingin nganggo sungu maneh. Jago enggal mara menyang kandhang
wedhus. Sungune dijaluk, unine, “Endi sungukuuu?”
Jebul wedhus
ala atine. Wedhus ngapusi. Sungune jago ora
enggal dibalekake, malah uga disilihake marang sapi. Saben – saben dijaluk,
wedhus mesthi mangsuli,”Suk embeeen”. Jago mara menyang
kandhang sapi karo takon,”Endi sungukuuu?” sapine mangsuli,”Emooh”.
Nganti
seprene saben esuk pitik jago mesthi nakokake sungune, “Kukuruyuuk..” tegese, endi
sunguku?. Wedhus semaya. “Embeek..” tegese suk emben. Sapi sing disilihi sungu
dening wedhus wegah mbalekake, dheweke ora rumangsa nyilih marang jago. Unine,
“Emoooh”.
Watake
wedhus sing kaya ngono kuwi ora kena diconto. Wajibe wong nyilih kudu mbalekake,
wajibe wong utang kudu nyaur.
Analisis dari cerita Wedhus lan Pitik Jago
1. Berdasarkan Distribusinya
·
Frasa Eksosentris : Ing
endhase , Menyang Kandhang, Ing Sikile
·
Frasa Adributif :
Pitik Jago
2. Berdasarkan Struktur
·
Kata + Kata :
Gagah Prakoso, Kiwo Tengen, Kandhang sapi, Kandhang wedhus
3. Berdasarkan Pereantangan
·
Kekiri :
Menyang kandhang sapi ( Menyang mengacu kepereentangan kekiri )
4. Berdasakan Pengkategorian
·
Frasa Nomina : Pitik
Jago
·
Frasa Numeralia : Sungu
loro
·
Frasa Adjektiva : Kiwo
tengen, ala atine
Tidak ada komentar:
Posting Komentar