Sunan Kalijaga lan Wit Jati
Jaman mbiyen wektu arep mbangun Masjid Demak, saben
wali diwenehi tugas kanggo goleki cagak
utawa Saka sing digawe saking wit jati. Wektu kuwi sing intok tugas
yaiku Sunan Kalijaga. Sawise oleh mandate utawa tugas kuwi banjur Sunan
Kalijaga lan rombongane mangkat ninggalke Demak.
Sunan Kalijaga mangkat karo para rombongane sing setia
marang Sunan Kalijaga. Wektu perjalanan Sunan Kalijaga lan rombongane ora duwe
alangan apa – apa kabeh lancar. Ing tengah -
tengahing perjalanan Sunan Kalijaga nemokake Wit Jati kang dikarepake
kanggo gawe cagak utawa saka Masjid
Demak.
“Woy , kanca – kanca, delengen kui Wit Jati kuwi . apik tenanan yen
dienggo cagak Masjid Demak.” Omonge
Sunan marang pengikute.
“ oooo inggih – inggih leres Sunan.” Jawabe pengikute.
“ saiki to ayo ditegor wit kuwi.” Parintahe Sunan Kalijaga marang
pengikute.
Banjur kabeh pengikute
Sunan Kalijaga negor wit kuwi . nanging anehe sawise ditegor, wit kuwi ora
tiba, nanging malah pindah panggonan lan tetep ngadek kaya wit sing ora
ditegor. Pengikute Sunan Kalijaga ngetotke wit sing pindah panggon mau.
Nanging, saben di oyak – oyak wit jati kuwi terus pindah panggonan. Sunan
Kalijaga lan para rombongane bingung ndeleng kedadean kuwi mau. Sawise ndeleng kedadean kuwi mau, Sunan
Kalijaga matur,
“ para sedulur – sedulurku sing ngawal awakku. Rungokno aku arep ngomong sesok yen panggonan iki rame
dipanggoni manungsa, panggonan iki tak jenengke Jati Ngaleh.”
“lho … artinipun punapa Sunan ?”
“ saka kadadean iki aku pengin jenengke Jati Ngaleh merga anduweni arti
wit jati kang bisa ngaleh dhewe tanpa ana sing ngalihke. Kadadean iki bisa dadi
saksi perjuangane dhewe golek cagak utawa Saka kanggo Masjid Demak.”
“ inggih Sunan.” Jawab pengikute Sunan bareng – bareng. “ daerah iki
dijenengke Jati Ngaleh lan saksine inggih menika kita sedaya Sunan?” chelatune
salah sawijining rombongan.
“ iya, bener sedulur – sedulurku kabeh sing ning kene sing melu aku dadi
saksi jeneng Jati Ngaleh ing daerah iki.” Celathune Sunan Kalijaga.
Sawise rerembugan kaya
ngono kuwi, Sunan Kalijaga lan Pengikute teros ngoyak wit jati kuwi. Rombongan
kuwi ngoyak nganthi kelangan jejak, satekane daerah gunung. Kabeh padha bingung
lan padha goleki wit kang ilang mau. Sunan Kalijaga ngongkon rombongane ora
ngomong babar pisan supaya wit kuwi gelem muncul maneh. Suwe saya suwe dienteni
tetep wae ora njedol wit jati kuwi, banjur rombongan Sunan ninggalake daerah kuwi.
Kanggo tetengeran Sunan Kalijaga jenengke daerah maneh yaiku Cepoko. Saka
tembung Cep, ora ana apa – apa” mergane bebasan wes do meneng kabeh tetep wae
wit jati kuwi ora ngetok.
Bebasan ninggalke
daerah kuwi banjur penelusuran dilanjutake maneh goleki wit kang ngilang mau. Saka Cepoko,
banjur rombongan kuwi mau tekan daerah kang lumayan dhuwur yaiku daerah
perbukitan. Ora let suwe goleki jebule wit kuwi manggon ing kono. Rombongan
kuwi banjur bungah atine merga wit jati kuwi isa ditemokake maneh. Ning daerah
kuwi kabeh rombongan lan Sunan kalijaga seneng – seneng merga wes nemokake wit
kuwi mau. Sunan Kalijaga ngomong mbi rombongane,
“ Alhamdulillah wit sing digoleki ketemu ing daerah kene, daerah iki
marai rombongan lan aku seneng banget merga wit sing dikarepake ketemu meneh,
kanggo tetengeran daerah iki dak jenengke Suka Ramai.”
“ menika anggadahi makna napa Sunan ? “
“ maknane yaiku awake dhewe ora siya – siya lek golek lan ngetotake kayu
jati iki, basan ketemu kan yo kabeh padha seneng lan bungah to ?” jawabe Suana
Kalijaga.
“ ooo inggih Sunan sarujuk.” Jawabe rombongan kuwi kanthi atine bungah
banget.
Sunan Kalijaga karo
rombongane terus ngetotake wit jati mau lan terus diawasi wedine yen wit kuwi
ilang meneh. Rombongan lan Sunan terus mlaku ngetotake wit kuwi mau, ora krasa
tekan daerah kang akeh wit jatine. Supaya wit jati kuwi ora lunga – lunga maneh
banjur Sunan lan rombongane ngalang – kalangi. Banjur daerah kuwi diwenehi
jeneng karo Sunan yaiku Jati Kalangan.
“ para sedulurku , aku njalok tulung , ben wit iki iso ketok gamblang
nganggo ngawasi, ayo padha ditegori sebagian ing hutan iki. Supaya ora bingung
lan supaya cetha kanggo ngawasi.” Perintahe Sunan Kalijaga marang pengikute.
“ inggih Sunan .” jawabane bareng – bareng.
Ora let suwe rombongane Sunan Kalijaga nglakoke apa
sing diperintahake. Kabeh padha nebangi wit jati sing ning hutan kang akeh
banget wit jati kuwi mau utawa dijenengake bubak yasa. Ing kono rombongan lan
Sunan Kalijaga njenengke daerah kuwi Bubakan merga saka panggonan kang akeh wit
jatine kang subur banjur di bubak yasa karo rombongan kuwi mau.
Usahane Suna Kalijaga karo rombongane kuwi mbuahke
kasil yaiku wit kang diincer mau katon maneh berarti ora siya – siya olehe
negor lan mbunderi wit jati mau. Sunan Kalijaga merintah rombongane meneh
kanggo negor wit kang diincer mau.
“ ayo, dicoba negor wit jati kuwi supaya ora ilang meneh, jajalen wit
kuwi bisa ambrok apa ora.” Parintah Sunan marang Rombongane.
“ inggih, Sunan wit menika badhe kitha tegoe sesarengan.” Jawabe salah
sijining rombongan kuwi.
“ yawes ayo bareng – bareng
ditegor.” Jawabe Sunan kalijaga.
Bebasan wes ditegor jebule bisa ambrok wit kuwi . kabeh padha seneng ,
bungah atine merga ora dha ngira yen wit kuwi isa ambrok dhewe.
Nangin sawise isa
ambrok rombongan lan Sunan Kalijaga bingung carane gawa kepriye merga ora ana
angkutan lan dalan kang dilewati uga angel banget . ora let suwe Sunan Kalijaga
nemokake kali kang lumayan gedhe. Banjur wit jati kuwi digotong lan dijegurke
ning kali kuwi supaya bisa mlaku ngetotke aruse banyu kuwi. Nanging Sunan
Kalijaga lan rombongane mlaku alon – alon kanggo ngawasi lan njaga wit jati
kuwi.
Perjalanane awale
lancar ora ana alangan apa – apa merga kaline kuwi ora ana watu – watu kang
hambat mlakune kayu kuwi . bebasan wes intok kira – kira separate perjalanan
Sunan Kalijaga karo rombongane nemokake curug kang jeru banget, saka mengkana
kayu jati mau ora isa mlaku meneh. Jebule nyangkut ing watu – watu kang amba –
amba merga kuwi kayune ora isa mlaku maneh. Kabeh rombongan golek usaha supaya
bisa nglakokake meneh kayu kuwi , saya suwe – saya ora ana hasile kabeh kesel
merga nganggo cara apa wae ora bisa.
“ ngene wae sedulur – sedulurku, iki kabeh usaha uwis dilakoni, piye yen
awake dhewe leren – leren ndisek ing daerah kene.” Omonge Sunan Kalijaga.
“ inggih Sunan, sarujuk ananging
kitha sedaya badhe istirahat wonten pundi Sunan ?” celathune salah sijining
rombongan.
“ eh kuwi lho ning kono ana gua, awake dhewe ayo istirahat ing gua
kasebut. Ayo padha istirahat, padha salat, mangan lan saliyane. Kabeh ya padha
kesel to ?” pitakone Sunan Kalijaga.
“ inggih Sunan, sumangga kitha leren – leren wonten gua menika.” Jawabe
salah siji rombongane.
“ ayo. “ jawabe Sunan Kalijaga.
Sunan Kalijaga ndawuhi kabeh rombongane istirahat ing
guwa kuwi. Pas istirahat, kabeh rombongan lan Sunan Kalijaga padha ngeleh
banjur ana salah sawijining rombongane duwe ide kanggo nyate yaiku gawe sate
wedhus, pitik uga ana sing mincing iwak ing kali kuwi. Jarene, sawise Sunan lan
rombongan mau dhahar sate, tusuk satene dibuang ing Guo kuwi, ora dinyono tusuk
mau berubah dadi wit pring kang duwe ambu sate wedhus.
Rombongan kang padha dhahar pitik mbalang bekas balung
– balung lan wulu – wulune berubah dadi
pitik tukung, lan sing dhahar iwak mbalang eri lan ndase iwak mau berubah dadi
iwak meneh. Banjur padha gumun karo kedadean mau. Ora let suwe Sunan Kalijaga
lan rombongane istirahat. Ning kono Sunan Kalijaga tapa, ing tapa kuwi sunan
kalijaga ketemu karo kethek. Ing tapa kuwi Sunan Kalijaga ngomong – omongan
karo kethek kuwi .
“ wonten perkawis punapa Sunan, panjenenganipun wonten ing gua mriki ?”
pitakone kethek.
“ iki lho aku lan sarombonganku bingung carane gawa kayu kang kejepit
kuwi .” jawabe Sunan Kalijaga.
“kayu menika badhe dipungunakake kangge napa Sunan?” pitakone kethek.
“ ooo kuwi arep dienggo gawe cagak utawa Saka kanggo Masjid Demak. Aku
njalok tulung marang awakmu saguh apa ora? Aku njalok tulung ewangi njipok kayu
kuwi supaya ora nyangkut lan njepit ing watu kuwi.” Omonge Sunan Kalijaga.
“ inggih Sunan kula ewangi.”
Ora mikir – mikir maneh kethek mau banjur saguh karo dhawuhe
Sunan Kalijaga. Jebule watu gedhe mau asline omahe kethek – kethek kang warnane
abang lan putih. Sunan lan rombongane beneke kayu kang kejepit lan diewangi
karo kethek – kethek kuwi merga wektune wis mepet kudu tekan Demak isuk - isuk.
Bebasan wis isa , kethek – kethek mau njalok panyuwunan marang Sunan Kalijaga.
“ Sunan, kayu jati menika sampun saget uwal saking jepitan , kula lan
sakanca – kanca badhe nyuwun opah.” Celathune kethek.
“ iya, apa sing dak mbok karepake ?” jawabe Sunan Kalijaga.
“ kula lan kanca – kanca bandhe nyuwun tumut kaliyan Sunan lan
sarombongan menyang tlatah Demak mbeta
kayu menika.” Omongane kethek.
“ wah aku ora bisa ngabulkake apa sing mbok karepkake, merga awake dhewe
wis beda donyane. Aku manungsa lan kowe bangsa kang ora isa didelok karo
manungsa. Uripmu iki ya mung ning kene yaiku alam kang asri banget, kang durung
kena campur tangane manungsa kang anduweni akal ala lan apik. Ngene wae kowe
lan konco – kancamu tak wenehi panganan kang enak – enak kaya ta pisang, kacang, terong, jagung lan
sapanunggalane, nanging kowe lan kanca – kancamu tak wenehi tugas.” Omongane Sunan Kalijaga.
Kethek – kethek mau ora gelem tetep kudu melu karo
Sunan Kalijaga, ananging sunan ora ngintuki. Kethek – kethek mau banjur golek
gara – gara supaya isa melu yaiku padha ngreoni kayu kang kejepit kuwi. Saya
suwe Sunan Kalijaga saya jengkel lan nesu banjur kanggo kesaktiane Sunan
kalijaga kayu mau ditugel dadi telu supaya kethek – kethek mau padha mudhuk
saka kayu kasebut.
“saiki panjalokmu apa ?”
“ tumut Kanjeng Sunan menyang tlatah Demak .”
“ora aku kan wes kandha mau to.” Jawabe Sunan Kalijaga.
“ nanging kula lan kanca – konca pengin banget tumut kaliyan Sunan.
Menawi alesane kados makaten ngih kula manut mawon kaliyan Sunan, lajeng nopo
jejibahan kula lan kanca – konca Sunan ?” pitakone kethek.
“ ngene aku nugasi kowe lan kanca – kancamu kanggo ngrawat Gua iki. Gua
iki kudu resik, nyaman, kepenak kanggo istirahat. Meja lan kursi ing gua iki ya
aja dirusak ya. Gua iki tak jenengi Gua Kreo merga aku ndeleng polahmu sing
kayak mau marai aku geli dhewe yaiku ngreoni kayu jati iki banjur tak tugel
mlah dha tibo dhewe – dhewe lan ning kene omahmu cepak hutan lan curug kang
jeru kang ish asri, seger durung ana campur tangane manungsa, mengko kowe saben
setahun sepisan tak wenehi panganan kang enak – enak padha karo sing tak wenehi
saiki malah bisa luweh enak maneh, piye
sarujuk apa ora ?” pitakone Sunan Kalijaga.
“ inggih sarujuk.”
“ yowes yen awakmu wis padha mudeng lan sarujuk.” Ngendikane Sunan
Kalijaga.
Saka rerembugan mau antarane Sunan Kalijaga lan kethek
saben setahun pisan nganakake upacara yaiu Sesajen Rewanda kanggo menehi
janjine Sunan marang kethek – kethek kang njaga Guo Kreo kuwi. Nagnthi saiki
warga kang tinggal ing kono isih padha ngalakokake upacara sesajen rewanda.
Bebasan wes padha sarujuk kabeh marang perjanjian mau,
esuke Sunan Kalijaga lan rombongane nglanjutake perjalanan ning Demak karo ngawa potongan kayu kang kebagi dadi 3
kuwi banjur dikenterke ing kali meneh. Ora patio suwe Sunan Kalijaga tekan
Demak banjur kayu jati mau didadekake cagak utawa Saka ing Masjid Demak.
Novilita Kusuma @ UNNES
Tidak ada komentar:
Posting Komentar