Masjid Agung
Semarang
Semarang anggadhahi Masjid Agung Jawa Tengah, masjid
menika wonten ing dalan Gajah Raya Semarang. Masjid niki kangge nglestarekaken
asset budaya bangsa ingkang anggadhahi nuansa islam arupa arterfak, naskah
kaliyan tradisi – tradisi islam.
Masjid
Agung menika anggadhahi visi lan misi, salah satunggaling visi menika ndadosaken
pusat informasi lan dokumentasi kabudayaan lan masyarakat islam wonten Jawa
Tengah ingkang modern, inklusif, lan majengaken peradaban. Salajengipun wonten
misinipun inggih menika ngupayakaken konservasi barang – barang lan rosuk
kabudayaan islam Jawa Tengah kaliyan nambah kesadaranipun masyarakat kangge
nguri – nguri sejarah lan kabudayaan.
Masjid Agung menika dipun bangun kangge kabutuhan
peribadatan ingkang representative kangge umat islam ing Jawa Tengah. Masjid
niki masjid ingkang paling ageng ing Jawa Tengah lan ajeng dipun dadosaken
obyek wisata ingkang inggal wonten kutha Semarang.
Tugu Muda
Tugu Muda
samenika sampun didadosake kawasan wisata. Tugu Muda inggih menika awujud tugu
bentuk lilin sing ngadek ing tengahing persimpangan dalan Pandanaran,
Soegijopranoto, Imam Bonjol, Pemuda, lan dalan Dr. Sutomo.
Wujud lilin anduweni makna inggih menika semangat
ingkang mboten wonten telase kangge para pejuang ingkang sampun memperjuangkake
Kemerdekaan. Wonten sikile monument relief – relief ingkang gambarake
kasengsaraanipun bangsa Indonesia ing jaman penjajahan. Samenika Tugu Muda
sampun rame, amargi didadosaken panggonan kangge kumpul warga terutamanipun
para kaula mudha kota Semarang kangge kumpul, gojekan lan foto – foto ing wayah
bengi sing paling rame ing wayah malem minggon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar