Senin, 19 Mei 2014

Kumpulan Gurit


Ibu Pertiwi
Ibu pertiwi…
Cahyamu ora ana tandhingane
Isuk, awan lan wengi terus menehi kauripan
Kauripan kang ora ana lerenne saka Gusti
Eeeee…..
Para manungsa, apa balesanmu marang ibu pertiwi kaya ngene iki ?
Eling bebendhu wis padha teka
Nganthi kapan laku ala iki mbok lakoni
Apa nganti  ibu pertiwi iki keranta – ranta

Alam Donya
Aja padha lirwa lan lelawa
Aja padha ngumbar nepsu lan angkara
Urip ning alam donya tansah waspada
Sanajan mung saderma mampir ngombe
Eeeee manungsa …
Elinga marang kewajibanmu marang Gusti kang maha Agung
Yen ora kersane Gusti …
Manungsa ora bisa dadi apa- apa lan urip ing donya




Bumi
Papan kanggo uripe manungsa
Papan kang anduweni dewa kang bisa andum rejeki
Ora manungsa kang urip
Kewan lan tanduran padha nyawiji urip ing bumi
Bumiku bumi kaswargaan
Seger, endah tur akeh rejeki
Manungsa , kewan , lan tanduran kudu nyawiji
Bumi kudu dilestari, diayomi lan ditresnani


Aja Nggresula
Mula bukane manungsa iku cinipta
Minangka titah saka kang maha kuwasa
Nglakoni panguripan ing alam donya
Kang kebak godha lan bebaya
Saiki Jamane wus mardika
Geneya akeh sing isih sambat sengsara
Uripe among tansah kesrakat
Tan bisa ngrasakake kang arane nikmat
Dina-dina among tansah nggersula
Sambat sinambat marang liyan
Urip iku kudu diakoni
Ora cukup amung waton nggersula lan muna-muni
Rejeki wus diatur dening gusti
Manungsa iku amung saderma ngupadi
MATI SURI
Yen digatekake…..
Yen pancen bener dirasakake
Ana bab kang sajake beda
Antarane jaman saiki lan jaman semana
Swarane gamelan wus ilang kumandhange
Geguritan wus ilang pamaose
Apa maneh kang jenenge bedhaya, gendhing..
Apa ya isih ana sing gelem nyinaoni
Kamangka kuwi kabeh budhayane awake dhewe, lur…
Karipta dening para leluhur
Direwangi gentur anggone tapa brata
Murih sampurnaning karya kang cinipta
Budaya jawa saiki kaya mati suri
Sepi….mamring….ora ana daya
Yen wis ngene iki banjur kepiye?
Pranyata iki budhayane awake dhewe
 
Macapat
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Ukara kang rinakit prasaja
Gatra kang rinakit dadi pada
Guru lagu, guru wilangan, guru gatra
Tatanan pakem kang ora bisa den lirwa
Saben tembung ngemu surasa
Saben tembung mengku pitutur
Den tembangake kanthi rasa
Rasa kang sejatine ora ngawur
Macapat warisan agung para leluhur
Karakit kanthi laku tapa kang gentur
Macapat ayo dilestarekake,,,,lur
Amrih mengkone ora kesingkur

Lali
Lali…….
Apa pancen ngelali …
Rakyat kaliren …
Apa pancen yo digawe kaliren
Ora duwe ati apa pancen disengaja ?
Kabeh sandang , pangan mbok undake sapenake dhewe tanpa mikir rakyat cilik
Apa sing mbok kerjake wes dha bener ?
Sing diurus mung dhuwet.. dhuwet.. lan dhuwet…
Elingo jek akeh rakyatmu kang butuh
 Kauripan kang kepenaak kaya awakmu sing padha ning duwur 

Konservasi
Wit – witan ijo royo royo
Yen disawang katon asri
Hawane nyengsemke ati
Ditambah swara gendhing rumesep sajroning ati
Kampusku memang kampus konservasi
Konservasi alam uga konservasi budaya
Ayo sedulur padha hangrumati budaya
Ayo sedulur padha hamemetri
Alam kang asri miwah budaya kang edi iki


Prihatin
Deduga lawan prayoga iku wis ora asing maneh
Manungsa uwis padha kuwalik
Akeh sing pinter nanging malah keblinger
Bangsa iki wis kudu prihatin
Ora sing diumbar  mung hawa lan nepsu
Korupsi … politik iku - iku wae sing digedhe – gedheke
Yo padha ngalawan hawa lan nepsu iku den tut wuri

Dhuwit
Saben dina dhuwit.. dhuwit … lan dhuwit
Sitik akeh yen dirasa – rasakna mesthi kurang
Sembarang kalir butuh dhuwit
Yen tangan ora gawa dhuwit
Ati iki bakal ngenes
Kabutuhan kabeh wis larang – larang
Golek dhuwit ya angel
Yen wes ngene iki kudu kepriye
Kabeh pendhidikan , kasehatan lan sapanunggalane
Ya ujung – ujunge dhuwit 

Dening : Novilita Kusuma @ UNNES, PBSJ

2 komentar: