Nguri – nguri Tradisi
Ing Kutha Semarang
Wonten era
globalisasi samenika kathah panemu – panemu inggal saking ilmu pengetahuan lan teknologi ingkang
dipun remeni kaliyan masyarakat. Samenika saget dipun dadosaken tantangan
ingkang inggal saking dunianipun pendidikan ingkang gampil dipun tembus kalian
panemu kasebut. Saking pembelajaran bahasa jawi mliginipun kabudayaan jawi
dipun dadosaken dasar ilmu pengetahuan ingkang anduweni peran penting, amargi
dipun dadosaken tolak ukuripun lan acuan kangge kahuripan masyarakat jawi,
tradisi utawa kabudayaan jawi ingkang sampun lengket kalihan masyarakat jawi
menika dipun dadosaken keyakinan ingkang hakiki.
Kabudayaan
jawi menika sampun radi ical, amargi kathah kabudayaan saking kilen mlebet
wonten Indonesia. Ananging tasih wonten daerah ingkang nguri – nguri kabudayaan
kasebut. Wonten kutha Semarang tasih nguri – nguri tradisinipun.
Kaya ta
Dugderan, Warak Ngendog, Sesajen Rewanda, Sedekah Laut, Pengantin Semarangan,
Bakdo Goblok, Apitan ( Sedekah Bumi ) lan sapanunggalipun. Samenika taseh katah
tiyang ingkang mboten mangertos tradisi – tradisinipun ing daerahe piyambak –
piyambak. Bocah cilik padha bingung angger ditakoni tradisi apa wae sing ana ing daerahe.
Wonten buku
niki badhe dipun jabaraken maneka warna tradisi jawi ingkang wonten Kutha
Semarang. Samenika sampun kathah manungsa mboten mangertosi tradisi wonten
daerahipun. Mugi – mugi buku niki anggadhahi informasi kang anduweni manfaat
kangge masyarakat. Wonten mriki ajeng dipun jlentrehaken sejarahipun tradisi
saking Semarang, yaiku :
1. Dugderan
Sejarahipun diwontenaken tradisi dugderan wiwitane
kuwi saking benten panemu sajroning nemtokake dina wiwitanipun sasi pasa. Ing
tahun 1881 pamarintah Kanjeng Bupati RMTA Purbaningrat, nentoake wiwite sasi
pasa yaiku ngunekake bedug masjid agung kauman lan meriam wonten plataran
kabupaten banjur diunekake kaping telu.
Wonten adicara upacara kasebut saya suwi saya gawe
remening masyarakat Semarang lan sakitare. Sahengga narik minat para pedagang
saking daerah ingkang ngedol meneka warna panganan, ngombe lan dolanan bocah
cilik sing digawe saka lempung. Saking carita kasebut saben wiwiti pasa kutha
Semarang ngunekake bedug lan meriam kasebut ing Mesjid Kauman Semarang.
2. Warak Ngendog
Warak ngendog menika dolanan khas kutha Semarang
ingkang medhal wonten tradisinipun dugderan. Dolanan niki awujud makhluk
ingkang direka – reka saking gabunganipun maneka warna kewan ingkang gadhahi
simbol paseduluran saking golongan etnis wonten Semarang. Nggih menika cina,
arab, lan jawi, sirahipun awujud sirah naga ( Cina ), awakipun awujud buroq (
Arab ) lan sikil papat awujud sikil wedhus ( Jawi ).
Warak anduweni arti suci lan ngendog
disimbolake hasilipun pahala ingkang angsal saking sakwise manungsa ngelampahi
proses ingkang suci. Warak ngendog saget dipun artiaken kangge sinten mawon
ingkang saget njagi kasucian wonten sasi pasa. Wonten pungkasanipun angsal
pahala ing dinten ariyaya. Warak ngendog sampun dados tradisi kutha Semarang,
kanthi arak – arakan saking Balai Kota Semarang ngantos Masjid Kauman Semarang.
3. Sesajen Rewanda
Sesajen
rewanda punika nyariosaken lelampahipun Sunan Kalijaga. Nalika semanten Sunan
Kalijaga badhe tindak dhateng Demak mbeta kayu. Kayu – kayu punika dipun
larungaken wonten kali. Wonten tengah – tengahipun mardi kayu kasebut nyangkut
wonten jepitan watu lan mandheg wonten guwa.sak lajengipun Suana Kalijaga ngaso
wonten guwo kasebut. Wonten guwa kasebut Sunan Kalijaga nglampahaken tapa.
Nalika tasih tapa Sunan Kalijaga kepanggih kaliyan kethek. Kethek kasebut
nyuwun priksa wonten perkawis punapa. Sunan Kalijaga lajeng cariyos lan nyuwun
dipun rewangi, supados saget mlampah malih.
Kethek menika ngabulake panyuwune Sunan Kalijaga,
ananging kethek wonten panyuwun inggih punika tumut Sunan Kalijaga menyang
Demak. Sunan Kalijaga mboten ngabulaken
panyuwune kethek amargi mboten sebangsanipun manungsa, banjur Sunan Kalijaga
nyuwun kethek mau dikengken njagi guwanipun lan ajeng diparingi dhaharan sing
enak – enak. Saking kacarios kasebut masyarakat ngawontenaken sesajen kangge ngormati para leluhuring.
Saking kacarios kasebut dipun wastani upacara Sesajen Rewanda.
4. Sedekah Laut
Tradisi
sedekah laut punika ngrembaka wonten masyarakat kampung ing wilayah Tambak
lorok, ing Semarang lor. Sampun suwi masyarakat anggelar tradisi kasebut.
Sedekah laut inggih punika awujudaken rasaning syukur dhumateng Gusti Allah
saking masyarakat kanggo sing bahureksa daerah tambak lorok
Tradisi iki anduweni ancas yaiku njalok kesalametan
dhumateng Gusti Allah, supados ngilangi sambikala. Temtune, ngepasi masyarakat
golek iwak ing laut, lan ngilangi saka maneka warna alangan sing ora dikarepke.
5. Pengantin Semarangan
Semarang anggadahi tradisi
ngantenan maneka warna. Wonten bentenipun nggih menika saking adat tradisi
upacaranipun kalihan busananipun. Gaya pengantin semarangan niki sampun dipun
campur kalih budayanipun saking kilen ananging tasih wonten ciri khasipun
saking adicara punika.
Adicara pengantin semarangan
anduweni tata cara inggih menika lamaran, srah-srahan
peningset, upacara ungkupan lan upacara ijab kabul antarane pengantin lanang
lan wadon. Pengantin wadon wonten khasipun
semarangan, bakal pengantin wadon dipun wastani Model Encik Semarangan, inggih
menika
saking campurane Cina lan Arab.
Wonten
kalengkapanipun pengantin wadon
yaiku : ngagem selop warni
cemeng bludru sulaman
mote lan nganggo kaos kaki, kaki songket, kebaya bludru cemeng sulaman
mote model Kraag Shanghai nganggo sarung tangan. Perhiasan ingkang
dipun ginaaken : ali
–ali , gelang,
kalung Krekang, suweng lan wonten bagian Kraag-Shanghai ngagem kancing ingkang dipun gawe saking Emas, lan
lengen
ngagem Klad-Bahu. Wonten
bagianipun tengen kiwa nduwur nganggo suweng saka emas permata. Kangge
sanggulipun biasane ngangge jungkat cilik. Kembang konde dipendet saking
godhong pandan, jungkat gedhe, cunduk mentul kurang luwih 24 iji. Kembange :
kembang melati, cempaka kuning sing diblesepke kanggo kambang melati dipun wastani
endog remek. Pengantin lanang wonten adat semarangan, bakal nganten lanang
dipun wastani model Pengantin Kadji.
Kelengkapanipun
pengantin lanang yaiku : ngagem selop digawe saka bludru disulam mote, ngagem
kaos kaki, celana cemeng bludru disulam mute. Rasukan ingkang dipun ginaaken
dipus wastani gamis saking bahan kemerlap, lengenipun dawa ngagem kraag
shanghai lan ngagem rasukan cemeng bludru disulam kalih kragg shanghai, ngagem
slempang warni keemasan. Saking pangadaran wonten nginggil sampun cetha
bentenipun kalian rasukan – rasukan panganten ingkang sampun dipun campuri
kalih kabudayan saking kilen. Ananging tasih wonten pengantin ingkang remen
ngagem rasukan asli semarangan.
6. Bakdo Gablog
Upacara iki dilakokake kanggo nyuwun berkah lan keselametan
kangge Gusti Allah, kalih mbeta maneka warna sesajen, ananging ana sing khusus
yaiku Goblok, geblok digawe saka sega sing gedhe. Digawa karo masyarakat ing
sekitar kono. Sesajinipun dibeta lan dikempalaken dados setunggal banjur
didongani sesarengan. Sawise didongani banjur didhahar sesarengan.
7. Apitan ( Sedekah Bumi )
Tradisi iki awujudake rasa syukuring masyarakat
dhumateng Gusti Allah ingkang sampun wenehi keselametan, berkah lan rizki kang
luwih. Apitan utawa sedekah bumi sampun ngakar wonten masyarakat kelurahan
sampangan, kecamatan Gajah Mungkur. Masyarakat anggelar adicara iki dianakake
ing sasi Dulkaidah utawa ning antarane rong sasi, dina ariyaya lan idul adha.
Ingkang nyengsemaken tradisi punika wonten arak –
arakanipun saking warga. Saking pangandaran ing nginggil, tradisi – tradisi
menika kedah dipun nguri – nguri, supados mboten dipun akuni kalih tiyang
saking kilen. Kabudayaan menika nek mboten dikenalaken kalih para mudha bakalan
ilang. Mula supaya kaula mudha lan bocah
penerusin bangsa isa ngerti tradisine kudu dikenalake budaya saka
daerahe dewe – dewe. Cara ngenalake ora kudu saka pendidikan ananging bisa saka
keluarga, lingkungan masyarakat lan sapanunggale.
Saking
tradisi – tradisi wonting nginggil menika kedhah dipun uri – uri supados tiyang
nem – neman saget mangertosi tradisi – tradisi wonten daerahe piyambak –
piyambak. Supados mboten muspra ing enteke jaman.
Katulis dening : Novilita Kusuma Astuti_ Tugas kuliah semester 2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar