Rangkuman Novel
Serat Rijanta
Raden
Mas Riyanta, putrane Pangeran Natasewaya lan Raden Ayu Natasewaya
saking Surakarta. R.M. Riyanta ditinggal seda ingkang Rama nalika umur 4
taun. R.M Riyanta urip karo ibune lan adhi angkate, Raden Ajeng Marsam.
R.M. Riyanta saya gedhe, pinter lan bagus rupane. Ibune rada meksa Mas
Riyanta supaya gelem cepet rabi. Ananging Mas Riyanta durung gelem,
amarga durung nemu calon kang cocog.
Sawijining
dina, Riyanta ketemuan karo kancane, R.M. Duryat, lan di ajak ing
Kumidhi Hindhu (pasar malem) ning alun alun. Tekan kana, R.M. Duryat
mlebu ing papan hiburan mau, Mas Riyanta mung ngenteni ing njaba. Ora
dinyana, papan kuwi kobongan. Kabeh wong pengen metu. Ora sengaja
Riyanta katumbuk dening wong wadon. Mas Riyanta banjur nulungi wong
wadon kuwi. Ditakoni sapa jenenge
lan ing endi umahe ora gelem sumahur. Karo Riyanta wong wadon mau di
ajak maring romah makan. Ing kono Srini nyenengi tindak tanduking
Riyanta, semana uga Mas Riyanta maring Srini. Ditiinggal Riyanta sedhela
ing kolah wong wadon mau
wis ora ana ing warung mau (wis bali karo wong tuwane, ananging Riyanta
ora ngerti kedadean iki). Mas Riyanta mung ngarep arep wong wadon kuwi
slamet.
Diceritaake,
sawijining dina Mas Riyanta minggat amarga ana geseh karo ibune. Kabeh
wong dikongkon nggoleki ananging ora kasil. R.A. Natasuwaya kelingan yen
duwe kanca ing Tamansari asmanipun Dipati Pramayoga. Dipati Pramayoga
sakaluwarga sowan marang Natasuwayan. Ing Natasuwayan kabeh padha crita,
nganti tekan crita babagan Srini kepisah karo wong tuwane nalika ing
kumidhi hindhu lan crita yen ditulugi karo wong lanang kang bagus lan
alus budi, nanging ora takon sapa jenenge lan ing ngendhi omahe. Ing
kana uga ibune Mas Riyanta sambat bab putrane kang minggat.
Bubar
mlebu metu guwa guwa patilasan ing Merapi, Mas Riyanta menyang
Bayalali, ketemu Mas Duryat. Mawi critane Mas Duryat, Mas Riyanta nemu
titik terang babagan jatidirining wong wadon kang ditulungi biyen. Wayah
awan Mas Riyanta menyang Tamansari, griyane Adipati Pramayoga. Saka
critane Adipati lan garwane, Mas Riyanta tambah ngrasa manteb yen wong
kang ditulungi nalika kobongan ing kumidhi hindhu biyen iku putrine
Dipati Pramayoga yaiku Raden Ayu Srini. Ananging Dipati Pramayoga durung
pirsa yen kang nulungi putrine saka kacilakan iku, Mas Riyanta. Sang
Dipati mung pirsa yen ditulungi karo wong lanang.
Srini
ngirimaken layang marang ibune, kang isine angabarake yen Raden Ayu
Natasewa nandang gerah. Mas Riyanta banjur bali lan manggihi ibune, lan
uga ketemu Srini. Dheweke mung bisa ngguya ngguyu.
Srini
lan Mas Riyanta isih isin isin yen ketemu, sejatine sajerone manah
kekalih wis padha angrasa cocog, nanging durung wani crita marang wong
tuwane.
Dicritaake,
saya suwi Dipati Pramayoga ngerti yen wong lanang kang nulungi Srini
iku Mas Riyanta. Sang Dipati duka karo putrine, lan ngrasa duwe utang
karo Mas Riyanta.
Wiwit
wektu iku Srini lan Mas Riyanta banjur kerep ketemu, Mas Riyanta uga
kerep sowan ing Tamansari. Sawijining dina, Dipati Pramayoga lan garwane
rembugan babagan lamaraan lamaran kang kang dikirimake ing garwane,
kang isine kapengen nglamar srini. Ananging Sang Dipati lan garwa ora
sreg karo calon calon kang ana, lan nduweni angen angen bisa ngunduh
mantu Mas Riyanta.
Sawijining
wektu Mas Riyanta dijaluki pitulung karo Dipati Pramayoga amarga Sang
Dipati arep duwe gawe. Piyambakipun ngendika yen Srini wis arep rabi.
Krungu kabar mengkono atine Mas Riyanta remuk.
Mas
Riyanta banjur ora tau sowan menyang Tamansari maneh. Sang Dipati lan
Garwa gumun, getun karo tumindhake Riyanta. Banget tresnane Mas Riyanta
marang Srini, piyambakipun banjur nggambar pasuryane Srini. Gambar iki
konangan Marsam lan digawa maring karo Raden Ayu Natasewaya. Ing kene
cetha kabeh apa kang dadi kakarepane Mas Riyanta. Ananging isih ana sing
ngganjel, yaiku brita arep rabine Srini. Raden Ayu Natasewa banjur
ngutus Marsam supaya sowan maring Tamansara kanggo mestheake kabar kuwi
sinambi nggawa gambare Mas Riyanta mau.
Weruh
gambar kang digawa Marsam Dipati Pramayoga ngerti apa kareping atine
Mas Riyanta. Nalika Marsam bali ing Natasewayan, Marsam crita karo Mas
Riyanta yen wong lanang kang nulungi Srini nalika kacilakan kumidhi
hindhu, wis ketemu bakal dirabiake karo Srini. Atine Mas Riyanta bungah.
Kabar rabining Srini kuwi jebule brita ngapusi, amarga ora ana calonne.
Ing Pungkasaning crita, R. M. Riyanta lan R. A. Srini dadi siji, sida krama.
Sumber : nahdariyani.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar