Crita Preinan
Sedelok
maneh wayahe bocah padha preinan. Aku ora kaya kanca-kancaku sing padha
seneng arep preinan. Sebab aku meri karo kanca-kancaku kang bisa
ngentekake wektu preinan kanthi lelungan karo kaluwargane ana ing
panggonan kang apik lan nyenengake ati, nanging aku ora bisa kaya
mengkono. Aku ngedumel ana ing batin “ Saumpamane bapakku ana wektu lan
ora ubeg dhewe karo pagaweanne pasti bisa preinan ana ing panggonan kang
apik lan nyenengake kaya kanca-kancaku.”. Nanging aku bingung lan
banget penginne preinan karo kaluwargaku. Banget merine karo
kanca-kancaku.
Amarga
rasa penginku kang gedhe sidane aku matur marang bapaku. “Bapak, kula
pengin preinan sareng kalih kaluwarga sedaya ing panggonan kang apik lan
nyenengake. Punapa bapak saged?”. Kanthi mirik bapak terus jawab, “ya
nduk, sesuk yen preinan mesthi takjak dolan bebarengan sakaluwarga.”.
Aku ora marem karo jawabane bapak, sebab aku isih rada ora ngandel. Pas
arep turu, aku kelingan kanca-kancaku kang padha crita preinane wingi.
Kaya Sinta kang diajak bapakke marang TMII, utawa Tami kang dolan
menyang Gembira Loka.
Wayah
preinan teka, aku ndonga muga-muga apa kang dadi kekarepakku bisa dadi
nyata. Isukke ora ana kang owah saka omahku, aku ngrewangi ibuku ana ing
dapur. Banjur resik-resik omah kanthi tutuk kang mecucu lan rai kang
mbesengut. Bapakku kaya lali karo apa kang dingendikakake wingi lan
tetep tindak kerja. Nanging sakdurunge budhal bapakku kang ngerti yen
aku nesu karo mesem ngendika, “mengko sore takjak dolan ya nduk.” Aku
mung mesem kecut.
Sore
wayah bapak kondur nggawa pancingan lan methuk aku banjur bapak
ngendika “Ayo melu bapak!”. Aku diajak bapak mancing ana ing Kali
Serayu. Ana ing kono aku banjur gemuyu lan mesam-mesem wae. Senajan ora
oleh iwak kang gedhe tapi aku tetep seneng.
Mancing
kaya mengkono kelakon telung dina. Sesuke aku diajak muter-muter ing
kutha marang bapak nganggo becak. Diajak ana ing Perpustakaan Daerah
sebab bapak pengin aku bisa luwih seneng maca. Pokoke preinan mau
dienggo aku lan bapakku seneng-seneng senajan ora dolan ing panggonan
kang adoh kaya kanca-kancaku. Wayah sekolah teka, ak wis ora isin maneh
yen kancane padha crita wektu preinane sebab aku ya duwe preinan kang
nyenengake lan apik.
Sumber : nahdariyani.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar