Nalikane
Kerajaan Mataram kang ana ing Yogyakarta duwe patih kang aran Patih Danureja,
kahanan ing Kerajaan Mataram amburadul, para panggedhe sakkarepe dhewe, perang
ing sembarang papan, kahanan kaya mangkono disebabke Patih Danureja dadi
balaning Kompeni Walanda.
Ana
sawijining crita ing tlatah Kutabanjar Kabupaten Banjarnegara. Ana makam kang
dianggep singit dening warga Banjarnegara, yaiku makame Ki Ageng. Ki Ageng
Selomanik iku salah sawijining abdine Pangeran Diponegoro, panjenengane kalebu
abdi kang setya lan tresna marang bangsa lan bumi pertiwi. Panjenengane ora
demen marang polahe para Kompeni Walanda, semana uga marang polahe Patih
Danureja kang luwih milih dadi balane Kompeni Walanda tinimbang mbelani
ngearane dhewe. Mula panjenengane dadi salah sawijining wong kang mbahayani tumrap
Kerajaan Mataram. Rumangsa ora aman Patih Danureja ngutus abdine kanggo nemuni
Ki Ageng Selomanik kanthi dawuh supaya Ki Ageng Selomanik sowan ing kepatihan
lan aja mungsuhi Patih Danureja sarta Kompeni Walanda. Nalika utusane Patih
Danureja tekan ing Tlatah Kutabanjar, Ki Ageng Selomanik lan garwane lagi padha
guneman ing serambi daleme sinambi mbopong putrane kang aran Raden Waringin.
Prentahe Patih Danureja lewat utusane ora digagas dening Ki Ageng Selomanik.
Utusane Patih Danureja murka marang polahe Ki Ageng Selomanik, perang tanding antarane
utusane Patih Danureja karo Ki Ageng Selomanik supaya Ki Ageng Selomanik gelem
lunga ana ing kepatihan kedaden, nanging utusan Patih Danureja mau ora bisa
ngalahake kesektening Ki Ageng Selomanik. Kalah tanding, utusane Patih Danureja
lunga saka Kutabanjar. Rumangsa dadi mungsuhe Patih Danureja Ki Ageng Selomanik
waspada, Ki Ageng Selomanik sabrayat lunga saka Tlatah Kutabanjar marang
Tegalrejo. Panjengengane atur palapuran marang Pangeran Diponegoro babagan
kedadiyan ing Tlatah Kutabanjar mau. Pangeran Diponegoro ndawuhi supaya Ki
Ageng Selomanik lunga menyang Semarang kanggo nemuni Ranggajaya Adipati
Semarang. Ki Ageng Selomanik sabrayat mara ing Semarang.
Ing
Mataram, Patih Danureja diaturi palapuran saka utusane kang nemuni Ki Ageng
Selomanik. Rumangsa gagal Patih Danureja ngutus prajurit kang luwih kuwat kanggo
nggawa Ki Ageng Selomanik menyang kepatihan. Para prajurit mau mara ing Tlatah
Kutabanjar lan kuciwa sebab Ki Ageng Selomanik sabrayat wis ora ana ing kono.
Nanging ora cukup semono, para prajurit mau tansah nggoleti Ki Ageng Selomanik.
Nalikane para prajurit mau ketemu karo Ki Ageng Selomanik, perang tanding
kedaden maneh. Ki Ageng Selomanik kalah ing perang iku, sebab dheweke ora duwe
prajurit. Lajeng Ki Ageng Selomanik digawa ing kepatihan lan diwenei ukuman
dening Patih Danureja kanggo dipenjara seumur urip sebab dheweke dianggep dadi pemberontak.
Nanging Ki Ageng Selomanik saged ucul lan metu saka penjarang mawa kekuwatane
lan minggat ing Kuta Gede. Sawise saka Kuta Gede panjenengane lunga menyang
Bantul lan mutusake kanggo lunga maneh menyang Semarang saperlu nemoni Adipati
Semarang yaiku Ranggajaya. Sebab Adipati Semarang duwe pandhangan kang padha
karo Pangeran Diponegara, ora cocog karo Kompeni Walanda, tekaning Ki Ageng
Selomanik ditampa mawa sukacita. Wong sakeloron sarujuk kanggo nentang Kompeni
Walanda.
Patih Danureja ngerti
yen Ki Ageng Selomanik ana ing Semarang, panjenengane dawuh Adipati Jepara
kanggo nyerang Semarang. Perang tanding tanpa persiapan dadi ajure prajurit
Semarang, akeh para prajurit kang tiwas ing palagan. Ana ing perang tandhing
iku Ki Ageng Selomanik dikalahake dening prajurit Semarang, lan perang iku uga gawe
tiwasing Adipati Semarang, yaiku Adipati Ranggajaya ana ing Gombel.
Ki
Ageng Selomanik kang bisa ucul saka perang tanding mau lan minggat marang
kulon, marang dhaerah sisih lore Gunung Merbabu. Ki Ageng Selomanik mlebu ing
desa-desa kanggo golet pitulung marang kanca-kancane. Ki Ageng Selomanik mandeg
ana ing sawijining desa lan mapan ing daleme Ki Buyut, Ki Buyut dicritani apa
kang wis kedaden dening Ki Ageng Selomanik lan Ki Buyut nampa panyuwunane kanggo
ngrewangi Ki Ageng Selomanik nglawan kompeni kanthi bungahing penggalih. Saya
suwe Ki Ageng Selomanik nyuwun tulung marang Ki Buyut kanggo nglawan Kompeni,
Ki Buyut ngutus kang putra sulunge kang aran Surantani kanggo ngrewangi lan
dadi pegikute Ki Ageng Selomanik. Ki Ageng Selomanik nalikane nerusake lelampahane.
Adipati
Jepara kanggelan anggone nggoleki Ki Ageng Selomanik, Adipati Jepara nganakake
sayembara kang unine sapa wong kang saguh ngggoleki utawa nemokaken Ki Ageng
Selomanik balak didadekake Adipati Semarang. Jugil Awar-Awar putra mbarepe Ki
Ageng Makukuhan ing Kedu krungu kabar sayembara iku, panjenengane lanjeng
mangkat wonten Jepara saperlu atur palapuran dene panjenengane saguh nangkep Ki
Ageng Selomanik.
Ki
Ageng Selomanik wis tekan Kedu, panjenengane ngaso ana omahe Ki Ageng
Makukuhan. Ki Ageng Makukuhan uga seneng ketekan dhayoh Ki Ageng Selomanik.
Saking kesele nglakoni lelana, Ki Ageng Selomanik langsung sare.
Pusakane
Jugil Awar-awar keri ana Kedu, mangka dheweke bali maneh saperlu njupuk pusaka
mau. Jugil Awar-awar takon marang Ki Ageng Makukuhan, “Sinten dhayoh kang teka
ing Kedu niki Rama?”, Ki Ageng Makukuhan ngendika “Dhayoh iku arane Ki Ageng
Selomanik.”. Keprungu bab iku, Jugil Awar-awar bungah tanpa pepindan. Wengine
nalikane kahanan wis sepi, Jugil Awar-awar mlebu ing kamare Ki Ageng Selomanik
lan numcepke pedang bola-bali marang Ki Ageng Selomanik. Mayat Ki Ageng
Selomanik mau digawa metu, dheweke wedi kewenangan bapake. Fajar mulai teka, Jugil
Awar-awar nggatekake dene mayat kang digawa iku satemene nangung sarung lan
jubahe Ki Ageng Selomanik kang rupane kaya awake Ki Ageng Selomanik. Jugil
Awar-awar kisinan, dheweke lajeng lunga menyang Kedu maneh kanggo nangkep Ki
Ageng Selomanik.
Esuke
Ki Ageng Selomanik atur palapuran marang Ki Ageng Makukuhan dene sarung lan
jubahe ilang dicolong wong. Rumangsa kewirangan Ki Ageng Makukuhan ngilironi
sarung lan jubah mau. Dheweke curiga marang putrane. Ki Ageng Selomanik neruske
lelanane karo Surantani sawise pamit marang Ki Ageng Makukuhan. Ki Ageng
Selomanik sabrayat serta putrane nerusake lelana. Panjenengane lumaku mangulon lan
tekan neng gunung Sumbing. Nalika iku panjenengane mampir ing omahe Ki Ageng
Parak njaluk direwangi. Ing pepanggihan mau wong sakloron padha bungah manahe,
padha crita nganthi pirang dina wae. Wong sakloron padha ngudarasa, crita bab
apa kang wis lan arep kelakon ing Tanah Jawa iki. Ki Ageng Selomanik aweh pesen supaya Ki Ageng
Parak mapan ing kono lan aweh ajaran marang warga kono. Ki Ageng Parak seneng
lan sarujuk marang pamanggihe Ki Ageng Selomanik. Kanggo pralambang kasetyan
lan kanggo ngrewangi numpas kompeni Ki Ageng Parak aweh pusakane arupa teken
lan jubah marang Ki Ageng Selomanik.
Pikantuk
pusaka mau, Ki Ageng Selomanik seneng lan rumangsa yen akeh wong kan mbiyantu
panjenengane. Kanggo mengeti kahanan mau panjenengane ngendikan marang
Surantani, “ Ana tlatah iki aku enthuk pusaka saka Ki Ageng Parak, mangka
tlatah iki dakarani Tlatah Parakan nganti anak putuku ngemben.”
Sawise
saka Parakan, Ki Ageng Selomanik nerusake lelanane ngulon ngliwati Gunung
Sindara lan Gunung Sumbing. Ana ing dalan, panjenengane kudanan. Ora nemu papan
kanggo ngiyup, Raden Waringin putrane nggolek godhong gedhang kanggo kudungan.
Mangka panggon iku diarani Kledung. Ngumpet saka prajurit Kasultanan Jepara
panjenengane nerusake lampahane ngulon.
Sawijining
wengi, nalikane padhang mbulan panjenengane neruske lelanane. Ing sawijining
panggonan ana ganda arum kang sedhep. Digolek saka ngendi tekane wangi mau, lan
panjenengane ketemu sawijining wong kang lagi nggawe gula jawa. Lan tlatah mau
diarani Sumberwulan sebab Ki Ageng Selomanik nemukake sumber ganda arum iku
saka wong kang lagi gawe gula jawa lan tlahat mau uga ditemokake nalikane wulan
purnama.
Tekan
ing latah Sepuran, Ki Ageng Selomanik sabrayat ngaso lan mbangun desa.
Sawise iku Ki Ageng Selomanik lunga
menyang kidul ana ing Gunung Lawang, saka Gunung Lawang panjenengane mudhun lan
mbangun mesjid lan kadipaten kang aran Kabupaten Selomanik. Ki Ageng Selomanik
dadi bupatine, Ki Demang dadi penasehat lan senapatine yaiku putrane Ki Demang
dhewe kang aran Ki Butawereng.
Nanging
Jugil Awar-awar nemokake panggon iku, dheweke lapor marang Adipati Jepara. Para
prajurit Jepara teka ing Tlatah mau lan perang antarane prajurit Jepara lan Ki
Ageng Selomanik sabrayat kedaden. Ki Ageng Selomanik direwangi warga Sapuran,
nanging ora bisa ngalahake prajurit
Jepara. Para prajurit Jepara bisa mlebu ing kadipaten lan niyat nggawa
Ki Ageng Selomanik. Nanging Ki Ageng Selomanik sakluwarga wis lunga. Satekane
ing kali Serayu, Ki Ageng Selomanik kaget sebab ana swara kemrasak kang medeni.
Jebule swara mau tekane saka Menyawak kang metu gawe kaget. Mangka panggon mau
diarani tlatal Krasak lan Tlatah Nyawak.
Ki
Ageng Selomanik sabrayat neruske lelanane. Ana prajurit kang mlakune keri,
semana uga Raden Waringin. Sebab keri mau, Raden Waringin lan prjurit diburu
terus dening prajurit saka Jepara. Nalikane diburu dening prajurit Jepara,
Raden Wringin mlumpat lan bekas tepak silike metu banyu kang warnane putih.
Panggon mau dadi sumber kali kang diarani Kali Putih.
Ki
Ageng Selomanik kang wis mlaku ndisik tekan daleme Ki Demang Wanakarta. Ki
Demang Wanakarta duwe putri kang ayu banget rupane. Ki Ageng Selomanik nginep
nganti pirang-pirang dina lan duweni niyatan kanggo njaluk pitulung, Ki Demang
Wanakarta kanthi remening manah nampa panjaluke Ki Ageng Selomanik. Raden
Waringin kang mau tiba lan keri, saiki wis tekan daleme Ki Demang Wanakarta. Ki
Ageng Selomanik bungah tanpa pepindan sebab tekane Raden Waringin. Ing daleme
Ki Demang Wanakarta wong telu pada guneman, aweh crita lan nasehat. Ki Ageng
Selomanik ngersakake Raden Waringin krama karo putrine Ki Demang Wanakarta.
Sejatine Raden Waringin uga demen karo purtine Ki Demang Wanakarta, nanging
dheweke isin karo ramane. Mangka dheweke nyelak tawaran mau. Lan panggonan mau
diarani Tlatah Selakrama kang asale saka tembung selak lan krama. Putrine Ki
Demang Wanakarta sidane krama karo Surantani.
Jugil
Awar-awar ngerti yen Ki Ageng Selomanik ana ing Selakrama, dheweke atur
palapuran marang Adipati Jepara. Par prajurit nyerang Selakrama. Para warga
Selakrama ora bisa ngalahake prajurit Jepara. Ki Ageng Selomanik sabrayat
nyebrangi kali Serayu. Sadurunge nyebrangi Kali Serayu, Ki Ageng Selomanik
nancepke teken lan jubah kang diwenei Ki Ageng Parak ing lemah, sebab kasektene
Ki Ageng Selomanik mangka teken mau njelma kaya awakke Ki Ageng Selomanik
dhewe, gunane teken lan jubah mau kanggo ngapusi para prajurit Jepara.
Para
prajurit Jepara wis nyebrang Kali Serayu, weruh teken lan jubah kang ditancepke
mau dikira Ki Ageng Selomanik. Jubah mau langsung ditangkep, tekene dibubut lan
dienggo ngunus jubah mau. Sawise diunus dening teken mau, Patih Mayang
nguncalke jubah mau ing Kali Serayu. Para prajurit Jepara kapusan lan seneng
banget. Kabeh prajurit padha mandeg ana ing sisihe Kali Serayu. Para prajurit
Jepara bungah lan gawe pengetan sebab kewajibane wis kalaksanan. Yaiku mateni
Ki Ageng Selomanik. Lan panggon iku diarani Leksana. Nalika semono, Jugil
Awar-awr isih mburu Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin. Lajeng Adipati
Jepara nyusul Jugil Awar-awar mburu Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin.
Sawise
adoh lan prajurit Jepara ora katon, Ki Ageng Selomanik ngaso lan ngenteni Ki Demang Wanakarta lan Raden Waringin kang
keri ing mburi. Nalikane ngaso, Ki Ageng Selomanik nyawang kahanan ing
sesisihe. Ki Ageng Selomanik weruh sawangan endah kang nengsemake mata. Mangka
panggong kanggo nyawang mau diarani Tlatah Sawangan. Lan panggon kanggo
ngenteni mau diarani Tlatah Tunggorono sebab Ki Ageng Selomanik nalika ngenteni
ana ing ara-ara.
Salajengipun,
Ki Ageng Selomanik tekan sawijining alas kang lagi dibabad dening Demang
Wanakerta, lan alas mau diarani Alas Wonokerto. Ki Demang Wanakarta lan putrane
uga ngrewangi Ki Ageng Selomanik sabrayat kanggo mbangun Tlatah Wonokerto. Lan
kanggo nambahi lan njangkepi senjata, cangkul, parang lan sapiturute rombongane
Ki Ageng Selomanik gotong royong kanggo nggawe alat-alat mau. Putrane Ki Demang
Wanakarta dadi pande, mangka dheweke diwenehi gelar Giling Wesi. Para warga
diajari cara kanggo perang dening Surantani. Saya suwe Wonokerto dadi
sawijining kadipaten cilik. Jugil Awar-awar krungu kabar mau lan aweh lapuran
marang Adipati Jepara nalikane Adipati Jepara arep lunga saka tltah Leksana
marang Jepara. Krungu pawarta kaya mengkono Adipati Jepara, Patih lan para
prajurite kaget lan ora ngandel. Luwih-luwih Patih Mayang kang rumangsa
ngoncalke Ki Ageng Selomanik ing Kali Serayu. Rumangsa isin lan wirang Patih
Mayang mateni awake dhewek. Patih Mayang dikubur ana ing kono, lan kuburane
diarani makam Kepatihan.
Salajenge
para prajurit Jepara nyerang Wonokerto, prajurit Wonokerto kalah. Ki Demang
Wanakarta uga tilar donya. Ki Ageng Selomanik sabrayat bisa uwal saka prajurit
Jepara. Lajeng Ki Ageng Selomanik lan Rombongan nyebrang kali lan tekan ing
daleme Demang Singamerta Banjarnegara. Sebab lapuraning Jugil Awar-awar maneh,
kademangan diserbu dening prajurit Jepara. Nanging wong-wong kademangan dipimpin
dening putra Ki Demang kang aran Singataruna nglawan prajurit Jepara. Wong-wong
kademangn direwngi dening Raden Wringin lan Surantani. Perang mau kedaden suwe
lan sengit, Ki Ageng Selomanik dhewe lunga ing gumuk cilik. Dheweke semedi ana
ing panggon kang salajenge diarani Tekidadi kang asale saka tembung teteki lan
andadi. Salajengipun Ki Ageng Selomanik lunga lan teka ing sawijining alas. Ana
ing alas iku Ki Ageng Selomanik uga semedi. Alas mau dening Ki Ageng Selomanik
diarani Alas Wanacipta sebab alas iku kanggo papan semedi lan manengku puja
marang pencipta.
Sawise
rampung semedi, Ki Ageng Selomanik pengen weruh peperangan ing kademangan
Singamerta. Nanging ana swijining wit Kemiri kang nutupi pandelenge Ki Ageng
Selomanik. Mangka wit Kemiri mau disabda lan tiba ana ing sawijining Tlatah
kang diarani Tlatah Kemiri. Ana ing paperangan iku Ki Demang Singamerta lan
putrane singataruna tiwas. Ki Ageng Selomanik sabrayat lunga ana ing
Kutawaringin, lan nyuwun pangayoman saka Ki Ageng Bagus Kutawaringin. Adipati
Jepara krungu warta dene Ki Ageng Selomanik sabrayat ana ing Kutawaringin lan
nyerang Kutawaringin. Raden waringin lan adhine yaiku Raden Anom mbela
Kutawaringin. Nanging apes, Raden Waringin lan Raden Anom gugur ing palagan.
Para prajurit Jepara seneng ora dinyana dene pahlawan Selomanik yaiku Raden
Waringin lan Raden Anom tiwas. Sebab patineng pahlawane, kahanan amburadul.
Keprungu swarane para prajurit Jepara, “Kyai Ageng Selomanik mati! Kyai Ageng
Selomanik mati!”. Garwane Ki Ageng Selomanik krungu warta iku, lan sebab
kasetyaning marang Ki Ageng Selomanik dheweke mati lan dimakamke dening Surantani.
Sebab
matining para pahlawan Surantani dendam marang Jugil Awar-awar, sebab miturut
pamanggihe sebab musyabab kedadiyn elek kang kelakon iku disebabake dening
Jugil Awar-awar. Perang antarane Surantani lan Jugil Awar-awr kedaden.
Surantani menang lan bisa mateni Jugil Awar-awar. Sawise iku Surantani bali
menyang kedu kanggo ngabarake kedadiyan kang wis kelakon antarane Ki Ageng
Selomanik lan Jugil Awar-awar marang ramane yaiku Ki Ageng Parak.
Ki
Ageng Selomanik kang krungu kabar patineng wong-wong kinasih yaiku garwa ln
putra-putrane, Raden Waringin lan Raden Anom. Dheweke nyepi ing pinggir kali
Serayu. Ki Ageng Selomanik semedi ing papan kang saiki diarani
Kutabanjarnegara.
Sawijining
dina musuh saka Jepara teka nyerang Ki Ageng Selomanik. Sebab ora ana papan
kanggo mlayu Ki Ageng Selomanik keweden. Ki Ageng Selomanik perang karo
Prajurit Jepara. Nanging, nalikane arep dirante dening Prajurit Jepara raga lan
jiwane Ki Ageng Selomanik ilang tanpa bekas. Panjenengne moksa tanpa an wong
kang ngerti.
Sawijining
dina Ki Kertawikra kang dadi Bahu lan cepak karo Kanjeng Dipodiningrat menangi
banjir gedhe sawise banjir bla bur Banyumas. Banjir iku gedhe banget nganti
nutupi tanjakan. Ki Kertawikra lagi ana ing sawahe, nanging sawah mau kelelep
dening banjir. Lan dheweke kaget sebab makam kang ana ing sisihe makam wutuh
lan ora kena banjir. Namung katon suket kang teles kena banjir, nanging ora ana
pasir utawa krikil babar blas ing makam iku.
Nalikane
Ki Kertawikra kaget, dheweke krungu ana swara kang unine, “Papan kang ora kena
banjir pagerana mubeng,”. Sawise kekadiyan mau Ki Kertawikra nemuni Kanjeng
Dipodiningrat. Ki Kertawikra nyritakake apa kang kekadian ing makam mau.
Kanjeng Dipodiningrat uga enthuk wangsit kang unine supaya nyungkup makam mau.
Supaya Kanjeng Dipodiningrat bisa dimakamke ana ing mesjid tembe burine. Lan
Kanjeng Dipodiningrat aweh duwit kanggo nggawe cungkup marng Ki Kertawikra.
Sawijining
dina Suwarso lagi nggolek jangkrik ing plataran saubengen Banjar Cahyana. Wektu
iku tengah dina, lagi panas-panase Suwarso ngiyub ing makam lan ketemu Ki
Kerta. Ki Kerta cerita dene makam iku makame Ki Ageng Selomanik. Ki Ageng
Selomanik iku salah sawiining komandan perang Pangeran Diponegoro. Sawise
Pangeran Diponegoro ketangkep kompeni, Ki Ageng Selomanik manggon ing Kaliwiro.
Ki Ageng Selomanik nagdekagake padepokan lan ngajak para kawula nom kanggo
sinau agama lan beladiri. Kompeni kang krungu kabar iku ora seneng, lan gawe
sayembarkanggo nangkep Ki Ageng Selomanik.
Nganti
saiki isih akeh wong kang ziarah ana ing makame Ki Ageng Selomanik kanggo
nyuwun berkah pangestune. Lan Ki Ageng Selomanik uga isih ngrawati anak turune.
kaya sawijining canggahe kang isih dijaga. dheweke diwenehi keris kang rupane
kaya iwak mujaher. Lan dheweke diwenehi keprigelan kang padha karo hobine Ki Ageng
Selomanik yaiku ngingu iwak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar